Sei sulla pagina 1di 2

PEMBAWA ACARA

PKK RT 04/09 DUSUN SEMAITAN DESA TRASAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb

Bismillahirohmanirrohim
Alhamdulillahhirobbil’alamin
Wabihi nasta’iinu ‘alaa umuriddun yaa wadiin
Wasolhaatu wassalamu’alaa asrofil ambiyaai wal mursalim
Wa’alaa alihi askhabihi ajmain
Robbisrohlii shodri wayassirlii amri wahlul ‘uqdatam millisaanii yafqohu qoulii amma ba’du

Wonten pangarsanipun
Ibu” sesepuh, pini sepuh lan ingkang diopun sepuhaken wonten ingkang RT 04 ingkang kulo mulyaaken

Wonten pangarsanipun
Ibu” Ketua RT 04 soho sedoyo pengurusipun ingkang kulo hormati.
Sumrabahipun dumateng sedoyo ibu” anggota PKK RT 04 ingkang kawulo hormati ugi.

Monggo kito tansah ngunjukaken raos syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun pareng
kathahipun nikmat lan rohmatipun, sainggo kito saget pepanggian kanthi wilujeng.

Milo monggo raos syukur kito ikrorraken kanthi waosan tahmid “Alhamdulillahirobbil’alamin”
Sholawat lan salamipun Allah SWT mugi saget kalimpahaken dumateng Nabi Agung Muhammad
SAW, keluarga, lan para sahabat soho kaum muslimin sedoyo.

Kawulo ing mriki ingkang kajibah nderekaken acara pepanggihan saat puniko sakderengipun dipun
wiwiti kawulo waosaken menggah urut roncenipun adicoro ingkang bade kalampahan.
Susunan Acara
1. Pembukaan
2. Menyanyikan lagu Indonesia Raya, Mars PKK, Mars KB dan 10 Pokok PKK
3. Sambutan tuan rumah
4. Pembacaan Tahlil
5. Pembacaan Notulen
6. Laporan Bendahara
7. Sambutan ibu Ketua RT 04 Dusun Semaitan
8. Lain-lain
9. Penutup

- Ibu” anggota PKK ingkang kulo hormati, monggo acoro puniko kito bikak mawi waosan ummul
kitab sareng-sareng “Al-fatikhah.”
Mugi-mugi kanthi waosan Al-fatikhah kolo wau, acoro waget waget lancer lan mbeto kemanfaatan
kagem kito sedoyo.

- Acoro ingkang saklajengipun ingging puniko menyanyikan lagu Indonesia Raya, Mars PKK,
Mars KB dan 10 Program Pokok PKK ingkang bade dipun pimpin ibu ……..

- Acoro saklajengipun ingkang ongko 3 ……..


Sambutan ingkang kagungan dalem Ibu ……
Dumateng panjenenganipun wekdal kawulo aturaken.

- Acoro saklajengipunnggih inggih puniko waosan Tahlil ingkang dipun asto Ibu ….

- Acoro ingkang kaping 4 inggih puniko waosan Notulen, dumateng ingkang ngayahi tugas
kawulo sumanggaaken

- Saklajrngipun nggih puniko Laporan Bendahara, dumateng ibu” ingakang kajibah wekdal kulo
aturaken

- Acoro ingkang kaping 7 sambutan saking Ketua PKK RT 04, dumateng panjenenganipun Ibu ….
Kulo sumanggakaken

- Acoro ingkang kaping 8 inggih meniko lain-lai, dumateng Ibu …..


Kulo sumanggakaken

- Acoro saklajengipun nggih puniko penutup ….


Sakdurunge kulo tutup, kulo ingkang kajibah nderekaken acoro meniko saking awal dumugi akhir
tuntunipun manggihi kathah kekirangan lan kelepatan, kulo pribadi nyuwun Agunging pangaksami.
Monggo acoro kito tutup sareng” mawi do’a majlis.
Shubhanaka Allahuma Asshadu’ala illa haillaanta Walhamdulillahirobbil’alamin.

Potrebbero piacerti anche