Sei sulla pagina 1di 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Hadirin-hadirot Rokhimmakumullah, Saderengipun lelampahing tata cara ing wanci ndalu meniko kalampah, kulo derekaken panjenengan sedoyo ngaturaken puji syukur dhumateng Pangarsanipun Gusti Allah SWT, kanti lisan Alhamdulillahirobbil alamin. Awit ing ndalu meniko kulo lan panjenengan sedoyo saged kempal wonten ing majlis ingkang mubarok meniko kanti sehat wal afiat. Amin, Allahumma amin. Sholawat salam tansah katujuaken wonten Pangarsanipun Nabi Muhammad SAW, mugi-mugi kito sedoyo pikantuk safaatipun mbenjang wonten ing yaumil qiyamah. Allahumma, amin. Hadirin-hadirot ingkang kinurmatan, Aminangkani pranoto coro Khaul Mbah Kholil Abdul Wahab, Keparengno kulo maosaken menggah rantamaning tata cara ing wanci ndalu meniko. 1) 2) 3) 4) 5) 6) 7) Ingkang ongko setunggal Ingkang kaping kalih Ingkang kaping tigo Ingkang salajengipun Ingkang salajengipun Ingkang salajengipun Dene ingkang pungkasan : : : : : : : Pambuko Sambutan ketua panitia Waosan Al-Quran (30 juzz) lan Tahlil Waosan silsilah Mbah Kholil Abdul Wahab Waosan ayat-ayat suci Al-Quran Mauidhotul khasanah Penutup

Hadirin-hadirot Rokhimmakumullah, 1. Lampahing tata cara ingkang ongko setunggal inggih puniko Pambuko, Monggo sesarengan kulo derekaken maos ummul kitab : Libtighoi mardhotillah, wabi safaati rosulillah sallallahu alaihi wasallam Al-Fatihah. Kanti waosan ummul kitab sewau, mugi-mugi lampahing tata cara ing salajengipun ngantos paripurna saged

2. Kalajengaken ingkang kaping kalih inggih puniko Sambutan ketua panitia, Dhumateng Siti Nur Aisyah, wekdal soho sasono kasumanggaaken.

Hadirin-hadirot ingkang kinurmatan, 3. Salajengipun waosan Al-Quran lan tahlil, dhumateng K.H. Ashuri kersoho derekaken, wekdal soho sasono kasumanggaaken.

Hadirin-hadirot ingkang mangku pahormatan, 4. Tata cara salajengipun inggih puniko Waosan silsilah Mbah Kholil Abdul Wahab, Dhumateng K.H. Ahmad Fadholi, wekdal soho sasono kasumanggaaken.

5. Ingkang salajengipun, Waosan ayat-ayat suci Al-Quran, Dhumateng Bapak Mahfudzon, wekdal soho sasono kasumanggaaken.

Hadirin-hadirot rokhimakumullah, 6. Dhungkap lampahing tata cara ingkang kaping enem, Mauidhoh Khasanah ingkang bade kaaturaken dening K.H. Muhadi, Dhumateng K.H. Muhadi, wekdal soho sasono kasumanggaaken. Makaten Mauidhoh khasanah ingkang sampun kaaturaken dening K.H.Muhadi, mugi-mugi punopo ingkang kaaturaken saged manfaati dhumateng kito sedoyo, Amin. Kanti waosan doa sewau aminangkani paripurnanipun lampahing tata cara ing wanci ndalu meniko, Dene kulo ingkang derekaken lampahing tata cara, nglenggono saestu katah kekiranganipun, kulo nyuwun agunging samudro pangaksami. Wallahul muwafiq ila aqwamit thorieq, Wassalamualaikum Wr. Wb.

Potrebbero piacerti anche