Sei sulla pagina 1di 2

MUQODIMAH,

Kawulo nuwun panjenenganipun para pepunden, poro sesepuh, poro pinisepuh ingkang satuhu
sampun pono ing pamawas, lebdo ing pitutur, kiblat ing panembah ingkang pantes pinundi soho
kinabekten.

Dumateng Bapak Kepala Madrasaah Tsanawiyah Matholi’ul Falah Sumanding soho bapak miwah ibu
guru sarjono sujaning budi, ingkang minongko dados pandam pandoming poro kawulo dasih ingkang
pantes katuran sagunging pakurmatan.

Poro alim ulomo ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi, minongko
panuntun kiblating panembah, ingkang satuhu luhurung budi..

Poro purnokaryo labet projo ingkang mahambek luhuring darmo, miwah poro kadang sutresno mudo
werdo ingkang pantes sinudarsono, punopo dene poro tamu kakung miwah putri ingkang minulyo

Kanthi linambaran pepayung budi rahayu miwah ngaturaken sewu agunging aksomo mugi pinarengo
kawulo hambuko wiwaraning suko, wenganing wicoro, dwaraning kondo, nun inggih Wisuda Kelas 9
MTs Matholi’ul Falah Sumanding,

Kawulo piniji hanjejeri minongko pranoto adicoro, saperlu ngaturaken murih rancaking titi laksono
adicoro pawiwahan prasojo ing ratri kalenggahan puniko.

Sakderengipun kawulo ngaturaken menggah reroncening toto adicoro, kinaryo hamurwani lekas
wekasing karti gatining karyo, murih purwo madya wasono tansah manggih rahayu kalising rubedo
nir ing sambikolo,

sumonggo langkung rumiyin kawulo derekaken sami manungku pujo, ngunjukaken sembah puji
syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun kepareng paring
rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung,katitik rahayu
sagung dumadi tansah kajiwo lan kasaliro dumateng panjenengan sedoyo dalasan kawulo, sahinggo
kito saget hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci soho keperluan rawuh kempal
manunggal wonten sasono Perpisahan Kelas 9 MTs Matholi’ul Falah Meniko,

Poro rawuh kakung semawono putri, wondene menggah reroncening adicoro ingkang bade
lumampah wonten ing sasono puniko nun inggih: __
Setunggal : Atur Pambuko
Kaping Kalih : Waosan Ayat Suci Alqur’an
Kaping Tigo : nun inggih Tahlil jangkep
Kaping sekawan : Prosesi wisuda
Kaping Gangsal : nun inggih Sambutan –Sambutan
Kaping enem : Pentas Seni
Wondene paripurnoning adicoro inggih puniko penutup ,

Poro Rawuh ingkang tansah satuhu kinurmatan, menggah adicoro ingkang sepindah inggeh puniko
atur pambuko, pramilo monggo kito buko adicoro wonten enjing puniko kanti waosan umul kitab
sesarengan “ Alfatihah” ............... Matur nuwun

Wondene adicoro ingkang ongko kalih inngih puniko Waosan Ayat Suci Al Qur’an Engakang badhe
dipun waos dening sederek ......................, paramilo dumateng sederek.................. kulo aturaken
sumonggo,.....................Nuwun

Poro rawuh ingkang minulyo , adicoro engkang ongko tigo inggih puniko tahlil jangkep engkang
badhe dipun pimpin dening Bapak ............................, dumateng bapak................ wekdal kulo
aturaken Sumonggo,..........................Nuwun, mugio kanti Waosan tahlil soho doa kolo wau nambahi
berkah lancaring adicoro wonten sasono puniko

Wondene Adicoro saklajengipun inggeh puniko “ Prosesi Wisuda” engkang badhe dipun pandu
dening Ibu Iffa Kholili S.Pd.I, Dumateng panjeneganipun Ibu Iffa Kholili SPd,I Wekdal soho
panggenan kulo aturaken sumonggo

Mekaten prosesi wisuda engkang sampun lumamah wonten enjang puniko, dumateng
panjenanganipun ibu iffa Kholili, S.Pd.I kulo aturaken agungig panuwun

Pro rawuh engkang tansah satuhu kinurmatan , wondene adicoro saklajengipun inggih puniko
Sambutan –Sambutan

Sepindah sambutan saking wakil kelas 9 engkang dipun aturaken sederek ................, dumateng
sederek ............... kulo aturaken , sumonngo.............. Nuwun

Sambutan engkang ongko kalih inggih puniko saking perwakilan kelas 7-8 dumateng
sederek..............kulo aturaken, sumonggo..............Nuwun

Sambutan engkang saklajengipun ingih puniko saking kepala saperlu mangsulaken engkang putro
putri kang dipun wisuda dumateng bapak soho ibu wali murid, pramilo dumateng Bapak budiyanto
SE.S.Pd sasono kulo aturanen............... Dumateng bapak Budiyanto SE.S.Pd Dipun aturaken
sembah nuwun tanpo upami

Wondene sambutan ingkang pungkasan inngih puniko saking Bapak soho ibu wali murid engkang
bade dipun sesulihi deneng bapak.................. dumateng panjenanganipun kulo
sumanggaken............... Dumateng bapak............... dipun aturaken panuwun

Menggah adicoro saklajengipun inggih puniko pentas seni tari,

Potrebbero piacerti anche