Sei sulla pagina 1di 2

Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Para bapak ibu sedaya ingkang kinormatan, Serta rencang – rencang ingkang kula
tresnani. Kepareng, Kula …………………. Saking SD Negeri Mijen Surakarta ngatur aken
pidato wonten adicara Festival Tunas Bahasa Ibu 2023 ing wedal menika.

Ingkang sepindah monggo kita sareng-sareng ngaturaken raos syukur dhumateng


gusti ingkang maha agung. Maringi nikmat lan Rahmat ipun sahinggo ing wekdal
punika kita sedaya saget mangempal dateng meriki kaperlu mengeti Festival Tunas
Bahasa Ibu.

Para Waruh ingkang kahormatan ing kapanggehan menika, kula badhe ngatur aken
sesorah kanthi irah irahan Nguri – uri Budhaya Jawi ing telatah kuta Surakarta
Hadiningrat.

Bapa Ibu sedaya sampun kita mangertosi bilih sak menika smpun katah para generasi
muda kita ingkang kepincut budaya asing kayata K-Pop, Hip Hop, rambut ingkang
didamel awut – awutan utawi ingkang disemir ngagem warna warni. Salah bowo para
generasi muda kita sampun watos aken Pramila kita kedah prihatin dateng kahanan
punika. Amargi budhaya kados mekaten saget ngruntuh ipun raos nasionalisme
bangsa Indonesia.

Lajeng pripun kita sedhaya nguri – uri budaya bangsa? Inggih menika kit akedah kreatif
lan inovatif dadosaken budaya kita kedah saget ingkang diremeni dening generasi
muda.

Kadosta, suwargi Mas Didi Kempot, Soimah, Happy Asmara, Deni Caknan, kaliyan Farel
ingkang saget tampil wonten istana negara ngasta lagu “Aja di banding – bandingke”
sehinggo Lagu kasebut di remeni sedaya kawula ngantos manca negara.

Poro hadirin ingkang kinurmatan. Kita saget mangertosi menawi budaya Indonesia
dipun kemas kanti endah mboten kalah kaliyan budaya asing. Minangka kewajiban kita
nguri – uri Budaya dadosaken budaya punika saget dipun kenal ngantos monco
negara.

Cukup sementen ingkang saged kula aturaken, bokbilih wonten kalepatan kula nyuwun
agungeng pangapura.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.

Potrebbero piacerti anche