Sei sulla pagina 1di 1

WALIMATUL HITAN Assalaamulaikum warohmatulloohi wabarokaatuh Poro rawuh ingkang kulo hormati !

berbicara tentang khitan meniko ugi mboten lepas berbicara tentang kesehatan, keranten hikmahipun khitan ing antawisipun inggih meniko menjaga kesehatanipun lare kanthi ngicali kotoran utawi najis ingkang tersisa wonten pucukipun zdakar (penis), pepatah arab ngendikakaken: Ingkang artosipun : jiwa ingkang sehat meniko wonten badan ingkang sehat. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! putro putri kito meniko generasi penerus perjuangan kito wonten mongso ingkang bade dateng, lan ingkang bade nyetir kemajuan agama lan bangsa wonten masa depan. Pramilo mulai masa kanak kanak meniko kedah kitop latih bebersih utawi sesuci, kito pupuk lan kito didik jiwanipun mawi pendidikan agami, supados leres leres dados generasi ingkang berkualitas sehat jasmani lan rohaninipun. Hikmahipun khitan malih inggih meniko saged andadosaken lare dados kendel utawi pemberani, buktinipun poro pejuang pejuang kito ingkang wanton maju perang mengusir poro penjajah, meniko ugi tiyang- tiyang ingkang samoun khitan (sunat), menawi dereng khitan dereng wanton nglawan poro penjajah. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! hikmahipun khitan malih inggih meniko saged andadosaken lare saged payu rabi, amergi wonten Indonesia umumipun, khususipun tiyang islam, nikki menawi mboten sunat, prawan prawan niku mboten purun dipun rabi, malah dipun olok olok kalih prawan prawan, monine ngeten: Lha wong sunat wae durum kok kesusu rabi to le.le. emoh aku ! tapi menawi sampun sunat lare joko bade nglamar lare prawan tentu prawanipun inggih purun, katik karo moni ngeten: lha yo iki loh sing tak goleki, yo sing wis sunat ngene iki. Moso kon mangan gedang kon sakulite opo yo enak, lha enak kulite sing wis di ilangi toh? Poro bapak poro ibu sedoyo ingkang kulo hormati ! kejawi saking meniko, nglaksanakaken khitan menurut pandangan islam tercatat sebagai amal ibadah, keanten khitan meniko nderek tindak lampahipun nabi ibrohim, dawuhipun Alloh wonten al quran: Ingkang artosipun : nuli ingsun wahyukaken marang siro (Muhammad) manuto siro ing agamane nabi Ibrohim. Poro rawuh ingkang kulo hormati! dados mekaten meniko sebagian hikmah hikmahipun khitan lan teksih katah ingkang derenga saged kulo aturaken malih, dene ingkang penting malih hikmahipun khitan inggih meniko kanggo lantaran dateng afsohipun ngibadah, wonten koidah fiqih dipun tuturaken. Ingkang artosipun: Sekabehe perkoro kang digawe lantaran kangge nglaksanakaken perkoro wajib mongko hukume ugo wajib. Dados jelasipun menawi kito bade nglaksanakaken ibadah teksih katutan barang najis meniko wajib kito suceni. Wonten hal meniko caranipun nyuceni (ngilangi) najis mboten saged malih kejawi kanti khitan (sunat). Pramilo tumrap tiyang islam jaler wajib khitan (sunat) supados ibadahipun saged sampurno lan dipun tampi dening Alloh SWT. Poro rawuh kintenipun cekap semanten atur kawulo kirang langkungipun nyuwun agungipun pangapunten Wassalaamualaikum warohmatulloohi wabarokaatuh

Potrebbero piacerti anche