Sei sulla pagina 1di 6

Analisis Guru Gatra, Guru Wilangan, Guru

Lagu, lan Temtokake Jenis Tembang


Macapat
1.
Ing nguni caritanira
Nuswantara hangalami
Jinajah ing liyan bangsa
Inggris Jepang lan Walandi
Kawula kawlas asih
Kudu trima dadi batur
Neng nagrine priyangga
Dene pametuning bumi
Telas amblas jinarah datanpa tilas
2.
Aja turu sore kaki
Ana Dewa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandhang kelawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima
3.
Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki
Ing kono lamun ketemu
Tandha nugrahaning Manon
4.
Singkirana watak adigang adigung
Adiguna akal ukil
Nuwuhake hawa nepsu
Ngudi raharjaning dhiri
Gesange tiningal mabyor
5.
Siti jugrug agawe warga kaurug
Prastawa nembe dumadi
Banjarnegara puniku
Rong ewu patbelas warsi
Dinane Jemuwah Kliwon

Potrebbero piacerti anche