Sei sulla pagina 1di 2

WULANGAN 1

MULAT SARIRA HANGRASA WANI


(SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI)

Tembang Macapat iku cacahe ana 11 (sewelas) lan filsafate tembang iku ngawujudake lakune
manungsa wiwit lair tumekaning pati. Jinise tembang macapat, yaiku Mijil, Maskumambang, Sinom,
Durma, Asmaradana, Kinanthi, dhandhanggula, Gambuh, Pangkur, Megatruh dan Pocung.

1. Kasusastran kang tinemu ing tembang macapat, yaiku:


a. Pada, yaiku araning cacahing tembang macapat saben salagu saka wiwitan tekan
pungkasan (bait).
b. Pupuh, yaiku saka pada menyang pada liyane.
c. Guru gatra, yaiku cacahing lari saben sapada (bait).
d. Guru wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
e. Guru lagu, yaiku tibaning swara (vokal) saben pungkasaning gatra.

2. Serat Wedhatama
Yaiku salah Sawijining seratan kanjeng Gusti Pangeran Adipati Mangkunegara IV, serat wedhatama
ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti. Serat wedhatama duweni isi piwulang
babagan budi pekerti utawa tumindak utama ngerteni. Miturut asale tembung saka tembung “
wedha” tegese pepakem (patokan) lan “tama” / utama kang duwe ateges anak. Pepathikaning putra
tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine. Serat Wedhatama ngemot tembang
macapat yaiku: pupuh pangkur, sinom,pocung, gambuh,lan kinanthi.

3. Tembang Macapat pupuh Kinanthi


a. Pangertene lan maknane tembang kinanthi
Miturut maknane tembang kinanthi iku nggambarake mangsa nalika manungsa iku wus mangun
bale wisma (rabi), urip rukun lan tentrem ayem karo kulawargane. Kinanthi iku saemper karo
tembung kanthi , kekanthen , gandheng,. Ana maneh kang wimbuh pangerten yen tembang
kinanthi iku nuntun, utawa nganthi. Tegese minangka kuwajiban wong tuwa kudu bisa nuntun/
nganthi para putrane supaya supaya sakbehe tumindake ora nalisir saka bebener. Mula kudu
mbimbing lan tansah aweh pepeling marang para putrane.

b. Pathokan tembang kinanthi


Guru Gatra Guru wilangan Guru lagu
8 U
8 I
8 A
6
8 I
8 A
8 I

c. Watak tembang kinanthi


Watake sarwa seneng, bungah, asih , gumolong, atut runtut renteng-renteng reruntungan.
Mula biyasane kanggo ngandharake pitutur luhur,rasa tresna asih. Mula padatan kang kulina,
digunakake kanggo gandrung lan aweh pitutur.

d. Wos kang kamot ing tembang kinanthi (wedhatama)


 Serat wedhatama ngajarake sawenehe tuntunan moral
minangka perangan saka pendidikan karakter kang bisa sinebut etika pribadi, amarga dadi
sawijining tuntunan etis kang ner marang dhiri pribadhine dhewe.
 Supaya antuk ngelmu sejati bisa lumantar ngolah lantiping ati,
yaiku kanthi tapa brata lan prihatin ing papan kang sepi.
 Sarat nglakoni ngelmu sejati yaiku ora kena iri lan drengki, ora
getapan/ atine gampang panas, ora ngganggu wong liya, ngendhem hawa nepsu kang
ditindakake yaiku mung meneng supaya tentrem ayem.
 Serat wedhatama ngajarake lamun manungsa iku kudu tansah
eling lan waspada.
 Waspada tegese ngerti pepalange urip. Uga supaya ora
sembrana ing batine lan nulat tembung- tembung kang di ucapake, ngilangake rasa kang
mangu-mangu, lan waspada nulat ing samubarang.
 Serat wedhatama ngajarake supaya ora kulina tumindhak
nistha, ati-ati marang pepalange urip.
 Serat wedhatama ngajarake supaya aja ngantigela ing tembe
mburine.
 Kabecikan kang wis di wulangake iku minangka cara kanggo
ngudi supaya entuk kamulyan.
 Ing setrat wedhatama, wong becik bebudene iku biyasane
gampang bisa srawung karo pawongan liya, lan bisa mangun sesrawunganing papan ngendi
wae.

e. Tuladha Tembang Kinanthi


Cakepan: Werdine:
Mangka kanthining tumuwuh Padahal bekal hidup
Salami mung awas eling Selamanya waspada dan ingat
Eling lukitaning alam Ingat akan pertanda yang ada
Dadi wiryaning dumadi di alam ini
Supadi nir ing sangsaya Menjadi kekuatannya asal-
Yeku pangreksaning urip usul
Supaya lepas dari sengsara
Begitulah memelihara hidup.

Potrebbero piacerti anche