Sei sulla pagina 1di 4

‫‪TEPANG AQIDAH ISLAM‬‬

‫‪-=[3]=-‬‬

‫السالم عليمك ورمحة هللا وبراكته‬


‫ات‬ ‫َّن الْ َح ْمدَ هَّلِل ِ حَن ْ َمدُ ُه َون َ ْس َت ِع ْي ُن ُه َون َ ْس َت ْغ ِف ُر ُه‪َ ,‬ون َ ُع ْو ُذ اِب ِهلل ِم ْن رُش ُ ْو ِر َانْ ُف ِسنَا َو َس ِي ّئَ ِ‬
‫ِإ‬
‫َّ‬ ‫هَل‬ ‫َ‬ ‫هَل‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫هللا فَ َال ُمض َّل ُ‪َ ,‬و َم ْن يُضْ ل ْل فَ َال هَاد َي ُ‪َ .‬أ ْشهَدُ َأ ْن ال َ ال ُ‬
‫هللا‬ ‫هَل‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫َأ النَا‪َ ,‬م ْن هَي ْد ُ‬ ‫ِ‬ ‫َ‬ ‫مْع‬
‫ِإ ِإ‬
‫َو ْحدَ ُه َال رَش ِ يْ َك هَل ُ‪َ ,‬وَأ ْشهَدُ ََأ َّن ُم َح َّمدً ا َع ْبدُ ُه َو َر ُس ْوهُل ُ‪َ .‬اللَّهُ َّم َص ِ ّل َو َسمِّل ْ عَىَل ُم َح َّم ٍد‬
‫َ‪.‬وعَىَل َاهِل ِ َوَأحْص ا ِب ِه َو َم ْن َوا َال ُه‪َ ,‬و َم ْن تَ ِب َعه ُْم ْ‬
‫إِبح َس ٍان ِاىَل ي َ ْو ِم الْ ِقيَا َم ِة‬
‫هللا َح َّق تُ َقا ِت ِه َو َال تَ ُم ْوتُ َّن الَّ َوَأنْمُت ْ ُم ْس ِل ُم ْون‪ .‬يَآهُّي َا النَّ ُاس ات َّ ُق ْوا‬
‫ي َ َآهُّي َا اذَّل ِ ْي َن َأ َمنُ ْوا ات َّ ُق ْوا َ‬
‫ِإ‬
‫َربَّمُك ُ اذَّل ِ ْي َخلَ َقمُك ْ ِّّ‪ِp‬م ْن ن َ ْف ٍس َوا ِحدَ ٍة َو َخلَ َق ِمهْن َا َز ْوهَج َا َوب َ َّث ِمهْن ُ َما ِر َجا ًال َك ِثرْي ً ا َو ِن َس ًءآ‬
‫هللا اذَّل ِ ْي ت َ َسآ َءلُ ْو َن ِب ِه َو ْاَأل ْر َحا َم َّن َ‬
‫هللا اَك َن عَلَ ْيمُك ْ َر ِق ْي ًبا‬ ‫َ‪.‬وات َّ ُق ْوا َ‬
‫ِإ‬
‫هللا َوقُ ْولُ ْوا قَ ْو ًال َس ِديْدً ا‪ ,‬يُ ْص ِل ْح لَمُك ْ َأمْع َ الَمُك ْ َوي َ ْغ ِف ْرلَمُك ْ ُذن ُْوبَمُك ْ‬
‫يَآهُّي َا اذَّل ِ ْي َن َءا َمنُ ْوا ات َّ ُق ْوأ َ‬
‫هللا َو َخرْي َ‬ ‫اب ِ‬ ‫هللا َو َر ُس ُوهَل ُ فَ َقدْ فَ َاز فَ ْو ًزا َع ِظ ْي ًما‪ .‬فَ َّن َأ ْصدَ َق الْ َح ِديْ ِث ِك َت ُ‬ ‫َو َم ْن يُ ِطع ِ َ‬
‫ِإ‬
‫هللا عَلَ ْي ِه َو َسمَّل َ َورَش َّ ْاُأل ُم ْو ِر ُم ْحدَ اَث هُت َا َولُك ُّ ُم ْحدَ ثَ ٍة ِبدْ عَةٌ‬ ‫الْهَدْ ِي َهدْ ُي ُم َح َّم ٍد َصىَل ُ‬
‫َ‪.‬ولُك ُّ ِبدْ عَ ٍة ضَ َالةَل ٌ َولُك ُّ ضَ َالةَل ٍ يِف ْ النَّ ِار‬
‫‪Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,‬‬

‫‪Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat‬‬
‫‪ingkang nguwaosi sadaya ngalam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha‬‬
‫‪Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami‬‬
‫‪ngabekti, paring sandhang (wastra) lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang‬‬
‫‪tansah ngumawula.‬‬

‫‪Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita,‬‬


‫‪panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad saw., sumrambah dhumateng‬‬
para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu
dhumateng panjenenganipun. Amin.

Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Swt.

Aqidah miturut Abu Bakar Jabir Al-Jazairy inggih punika:

َّ ‫ َو‬,‫الْ َع ِق ْيدَ ُة يِه َ َم ْج ُم ْوعَ ٌة ِم ْن قَضَ ااَي الْ َح ّ ِق الْ َب ِد ِه َّي ِة الْ ُم َسل َّ َم ِة اِب لْ َع ْق ِل‬
ُ‫ ي َ ِق ْيد‬,‫الس ْمع ِ َوالْ ِف ْط َر ِة‬
‫ َوثُ ُب ْوهِت َا َال يَ َرى‬p‫ قَا ِط ًعا ب ُِو ُج ْو ِد َها‬,‫ َويُثْىِن عَلَهْي َا َصدْ ُر ُه َج ِاز ًما ب ِِص َّحهِت َا‬,ُ‫عَلَهْي َا ْا ِألن ْ َس ُان قَلْ َبه‬
)21 ‫ هاملن‬,1978 ,‫ (اجلزائرى‬.‫ِخ َالفَهَا َان َّ ُه ي َ ِص ُّح َا ْو يَ ُك ْو ُن َأبَدً ا‬
“Sadaya ingkang dipunanggep leres lan ingkang saged dipuntampi sacara umum
(axioma) dening manungsa kanthi adhedhasar akal, wahyu lan fitrah. Raos
kaleresan punika dipunpatri dening manungsa wonten ing manah saha dipun
yakini kanthi keshahihan lan kasunyatanipun sacara mesthi lan dipuntolak sadaya
ingkang boten cocok kaliyan kaleresan.” (Al-Jazair, 1978, hal. 21).

Wondene sumberipun aqidah inggih punika Al-Qur’an lan As-Sunnah.


werdinipun punapa kemawon ingkang dipunparingaken dening Allah Swt.
wonten ing Al-Qur’an lan dening Rasulullah saw. wonten ing As-Sunnah wajib
dipunyakini lan dipunamalaken.

Kaum muslimin rahimakumullah,

Akal pikiran boten kuwawi dados sumberipun akidah, nanging nggadhahi fungsi
mahami nash-nash ingkang wonten ing Al-Qur’an lan As-Sunnah lan
mbuktekaken sacara ilmiyah (manawi dipunkersakaken) bebener ingkang
dipunparingaken dening Al-Qur’an lan As-Sunnah. Punika kemawon kedah
dipundhasari kanthi kesadharan bilih kekiyatan akal punika sanget winates,
jumbuh kaliyan winatesipun kekiyatanipun sadaya makhluk.

Akal boten badhe kiyat mikiraken masalah ingkang ghaib, malah akal boten
badhe kiyat mikiraken perkawis-perkawis ingkang mbetahaken papan panggenan
lan wekdal. Kados umpaminipun boten saged njawab pitakenan langgeng punika
watesipun dumugi benjang punapa. Lan akal boten badhe kiyat mikir papan
ingkang manggen wonten ing dharat, ing seganten, lan boten mapan wonten ing
pundi kemawon. Jalaran kalih perkawis punika boten mbetahaken papan
panggenan lan wekdal. Awit saking punika akal boten kenging dipunpeksa
mahami lan njawab perkawis-perkawis ingkang ghaib. Akal namung saged

2
mbuktekaken kajujuran tiyang ingkang mbekta pawartos gegayutan perkawis-
perkawis ingkang ghaip punika.

Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.

Aqidah punika minangka dhasar, fondhasi kangge ngedegaken bangunan.


Sangsaya inggil bangunan ingkang badhe dipundegaken, kedah sangsaya kiyat
lan kukuh fondhasi ingkang dipundamel. Manawi fondhasinipun ringkih, pramila
bangunan enggal badhe ambruk. Lan malih boten wonten bangunan punika tanpa
fondhasi.

Tiyang ingkang nggadhahi fondhasi aqidah kiyat, mesthi badhe nindakaken


ngibadah kanthi tertib, badhe nggadhahi akhlak ingkang sae, lan badhe nindaken
ngibadah mu’amalah kanthi sae.

Tiyang boten badhe dipuntampi ngibadahipun dening Allah Swt. manawi boten
dipundhasari kanthi aqidah. Tiyang boten dipunsebat nggadhahi akhlak ingkang
sae manawi boten nggadhahi aqidah ingkang leres.

Tiyang saged kemawon dora lan ngapusi anggenipun nindakaken ajaran ingkang
formal, nanging Allah Swt. boten badhe nampi anggenipun nindakaken
pangibadahan ingkang formal, jalaran boten dipundhasari kanthi aqidah ingkang
sae lan leres.

Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.

Al-Qur’an lan As-Sunnah minangka sumberipun aqidah. Akal pikiran namung


hanggadhahi fungsi mahami nash-nash ingkang wonten ing Al-Qur’an lan As-
Sunnah, mbuktekaken kanthi kasadharan lan sacara ilmiyah perkawis ingkang
leres ingkang dipunsebat wonten ing Al-Qur’an lan As-Sunnah.

Tiyang boten badhe dipuntampi sadaya pangibadahipun, manawi aqidahipun


boten sae lan leres.

Awit saking punika Rasulullah saw. salami 13 tahun, aqidah dipunbangun kanthi
kokoh wonten ing Madinah, satemah bangunan Islam kanthi gampil
dipunbangun wonten ing Makkah, lan bangunan punika badhe langgeng ngantos
benjang akhir zaman.

3
‫هللا الْ َع ِظمْي َ ‪ ,‬يِل ْ َولَمُك ْ َو ِل َسائِ ِر الْ ُم ْس ِل ِمنْي َ َوالْ ُم ْس ِل َم ِ‬
‫ات ِم ْن لُك ِ ّ‬ ‫َأقُ ْو ُل قَ ْويِل ْ َه َذا َوَأ ْس َت ْغ ِف ُر َ‬
‫‪َ .‬ذن ٍْب فَ ْاس َت ْغ ِف ُر ْو ُه‪ِ ,‬إ ن َّ ُه ه َُو الْ َغ ُف ْو ُر َّالر ِحمْي ُ‬
‫‪-=(hms)=-‬‬

‫‪4‬‬

Potrebbero piacerti anche