Sei sulla pagina 1di 15

BUSANA SAHA SEJARAHIPUN

Tugas kangge jangkepi mata kuliah Busana Jawi


Dosen Pengampu: Prof. Dr. Dra. Suharti M.Pd.

Nama:
1. Khatrin Nabila Aprilia (18205241006)
2. Yohanes Egsa Pradito (18205241008)
3. Ahmad Zamzami Nur (18205241011)
4. Rizky Anas Ikhwanudin (18205241012)
5. Novia Ramadhani (18205241013)

KELAS E 2018

Pendidikan Bahasa Daerah


Fakultas Bahasa dan Seni
Universitas Negeri Yogyakarta
2019
PANGERTOSAN SAHA SEJARAHIPUN BUSANA
A. Pangertosan busana kanthi limrahipun
Busana inggih menika sedaya perangan ingkang dipunangge wonten badan,
kanthi ancas nutupi badan saking hawa asrep kalihan panas, ugi kangge damel
endahing badan.
Busana limrahipun nggambaraken ekspresi utawi kapribaden ingkang boten
sami wonten saben tiyang. Ewahipun busana menika langkung cepet tinimbang
ewahipun budaya. Wonten ing bab busana gadhah istilah fashionable kalihan
unfashionable kangge ngandharaken menapa tiyang menika tumut perkembangan
mode ingkang langkung enggal napa boten.
Bab ingkang saged daods pengaruh lampahipun busana inggih menika
kahanan ekonomi, sosial kalihan peran. Wondene wonten ing sakkiwa-
tengennipun kita saged dipunpirsani pengaruhipun kangge busana.
Busana wonten pagesangan manungsa limrahipun boten saged diuculke
saking manungsa minangka makhluk ingkang gadhah budaya, ingkang
sejatosipun pesthi berkembang.

B. Sejarahipun Busana
Menawi dipuntingali wonten ewah-ewahanipun busana saking wiwit dumugi
sakmenika, busana ewah wiwit saking sederhana, kadosta ron, kulit uwit kajeng,
kulit kewan ingkang sampun dipundamel kanthi piranti ingkang sederhana sanget
wonten ing jaman rumiyin, ingkang wonten jaman puniku dereng wonten
penggalih damel kain dipuntenun utawi dipunrajut.
Saklajengipun, manungsa nyampurnakaken busana ingkang taksih primitif,
sederhana, kanthi ndamel busana utawi bahan busana saking serat uwit utawi
wulu kewan ingkang sampun dipunproses. Lajeng damel piranti tenun ingkang
sederhana lajeng dipuntenun dados kain. Kain menika lajeng dipundamel busana
kanthi model ingkang sederhana. Wonten jaman sakmenika, pangolahanipun
sampun modern sanget, kalihan dados langkung cepet.
Miturut ewahing jaman, ewahing budaya saking penggalihipun manungsa
ingkang gadhah teknologi langkung nginggil, wondene sakmenika busana boten
namung dados nutupi aurat, njagi kabaswarasan, ananging sampun nambahi
kaendahan lan keserasian.

C. Fungsi Busana
Busana gadhah fungsi ingkang kathah kangge manungsa, inggih menika:
1. Busana minangka piranti kangge nglindungi badan
Busana saged kangge nglindungi saking panas, asrep, cokotan kewan,
lsp. Tuladhanipun inggih menika menawi wonten ing papan ingkang panas,
kita kedah milih bahan, warni, model ingkang boten dadosaken kita
kepanasen. Umpaminipun milih bahan saking katun (batik, poplin, voile),
model kanthi kerah ingkang boten nutupi jangga, lengenipun endhek kalihan
warninipun enem.
2. Busana minangka piranti kangge ngendahaken badan
Wonten ing padatanipun manungsa menika remen sanget kalihan
babagan kaendahan lan rapi nalika dipun sawang. Saged dipundudut
manungsa menika betahaken sawijining babagan ingkang endah nalika
dipunsawang. Sakderengipun wonten busana kala rumiyin manungsa
ngginaaken lendhut ingkang wonten warninipun kangge damel endah
badanipun ugi saged ngangge tatto utawi nutupi badanipun ngangge kerang
saha godhong-godhongan. Busana ugi kangge nutupi kekirangan priyantun
supados linuwih sekeca dipuntingali.
3. Busana minangka simbol agama kangge saben tiyang
Saking busananipun kita saged mbedakaken agami tiyang sanes, amargi
saking busanan menika tiyang saged dipuntingali menawi tiyang
agamanipun menapa. Tuladhanipun antawis agami islam saha agami katolik,
adat bisasnipun tiyang menika beda anggenipun ngangge busana. Menawi
priyantun estri agami islam ngangge kudung lajeng agami kristen boten.
Satemah saking tatacara busana menika tiyang saged dipunmangertosi
agaminipun.
4. Busana kangge simbol priyantun kakung kalihan estri
Saking busananipun tiyang jaler saha estri mesthi beda, amargi aurat
tiyang jaler saha estri beda. Biasanipun menawi wonten pagesangan ing
masarakat tiyang ingkang ngginakaken busana ingkang langkung nutupi
sedaya perangan badan inggih menika tiyang estri. Menawi tiyang jaler
menika ugi kosokbalenipun, kangge jaler busana saged luwih bebas. Ateges
amargi aurat tiyang jaler menika saking puser dumugi sangandapipun jengku
menawi estri langkung wiyar.
5. Busana kangge simbol budaya
Nusantara menika gadhah budaya ingkang maneka warni. Kangge
mbedakaken budaya-budaya menika wonten rumiyin gampil amargi saking
busanan adatipun inggih beda. Tuladhanipun tiyang Jawi kalihan tiyang
Papua, minangka tiyang Jawi menika busananipun langkung nutup
dipunbandingaken tiyang papua ingkang ngangge busana koteka.

D. Tuladha jinising busana


1. Busana kangge kuliah
Kuliah kalihan sekolah menika beda, ingkang mliginipun busana wonten
kuliah saha sekolah saderengipun kuliah ugi beda. Wonten sekolah kala
rumiyin taksih ngangge sragam, satemah bocah setunggal kalihan sanesipun
sami. Sragam menika ugi ngangge ciri khas menawi tiyang menika sekolah
wonten pundi utawi saged dipunsebat sragam identitas sekolah. Wonten
kuliah menika sampun boten wonten sragam padintenan, lajeng busanan
wonten kuliah menika bebas. Ananging teges babas boten ugi sakarepipun
piyambak, kedah wonten titikan ingkang kangge sopan santun. Kadosta
bausananipun menika nutup aurat, boten ngundang perkawis, seged
nepakaken empan papan, lsp.
a. Busana kangge kakung
Limrahipun busana kakung kangge kuliah menika rasukan ingkang
wonten kerahipun, clana, sepatu, remanipun dipunklimis.
b. Busana kangge estri
Limrahipun busana estri kangge kuliah menika rasukan ingkang wonten
kerahipun, clana utawi rok, sepatu utawi flatshoes, lajeng jilbab menawi
berjilbab, remanipun dipunkucir rapi.

Busana
Busana mahasiswa
mahasiswa estri
kakung

2. Busana kangge dhateng kantor


Busana mliginipun dhateng kantor menika limrahipun kedah ingkang
rapi saha sopan. Busana kantor kedah rapi saha sopan amargi menika
migunani sanget saha mempengaruhi dhateng karir tiyang menika. Kita ugi
langkung semangat anggenipun nyambut-damel. Wonten kantor menika
kepanggih kalihan tiyang-tiyang ingkang wigati.
a. Busana kangge kakung
Busana kangge dhateng kerja ingkang kakung limrahipun menika
ngangge kemeja, jas, dasi, clana, setut, ugi sepatu pantofel, lajeng
remanipun dipunklimis.
b. Busana kangge estri
Busana kangge dhateng kerja ingkang kakung limrahipun menika
ngangge kemeja, jas, dasi, clana utawi rok, setut, ugi sepatu pantopel,
lajeng remanipun dipunkucir rapi utawi jilbaban menawi ingkang
berjilbab.
Busana kantor ingkang kakung

Busana kantor ingkang estri


3. Busana kangge tilem
Busana kangge tilem menika ageman ingkang dipunrancang khusus
kangge tilem. Pakulinanipun ingkang dipunagem inggih menika kaos utawi
rasukan ingkang mboten resmi. Werni ingkang dipunagem menika
mapankaken ing salah sawijining usum.
a. Busana kangge kakung
Limrahipun ngangge kaos saha clana oblong, saged ugi ngangge piyama.
b. Busana kangge estri
Sami kalihan ingkang kakung, busana estri ugi mekaten, ngangge kaos
saha clana utawi ngange piyama

Busana kangge kakung Busana kangge estri

4. Busana kangge tindhak dhateng pasamuwan saha resepsi wonten ing jaman
modern sakmenika.
Busana kangge tindhak dhateng pasamuwan saha resepsi sejatosipun
ndherek kersanipun manah piyambak-piyambak. Wonten ing jaman
sakmenika busana ingkang dipunpadosi inggih busana ingkang ketingalipun
sae anananging boten damel reribet. Amargi wonten ing pasamuwan saha
resepsi menika asring saking kahanan ingkang rame ugi asring dhesel-
dheselan, awit saking menika kita andharaken busana ingkang trep kalihan
jaman modern sakmenika.
a. Sarwa pethak kalihan hijab

Budaya saking manca asring boten kepareng ngginaaken


busana warni sarwa pethak nalika tindhak dhateng pasamuwan
amargi warni pethak menika namung gadhahipun penganten putri
kemawon. Ananging sak menika khususipun wonten Indonesia
sampun asring para rawuh dipunkeparengaken ngangge busana
sarwa pethak, amargi saking temanten sampun ngangge busana
ingkang beda lan kontras. Kangge ingkang ngginaaken hijab boten
kuatir malih amargi saged ngangge dhuwuran kanthi model renda
saha kanthi aksen rampel ingkang dipunpasangaken kalihan clana
panjang pethak kadya wonten gambar.
b. Long dress
Asring males ngginakaken setelan dhuwuran kalihan ngisoran
saged ngangge setelan busana long dress, langkung prayogi menika
ngangge dress kanthi corak warni ingkang padhang. Utawi saged
ugi kanthi ngginaaken long dress pethak kalihan ngangge aksesoris
utawi piranti ingkang gadhah corak satemah saged beda kalihan
busana penganten. Long dress ingkang sarwa warni pethak
langkung prayogi dipunsirik amargi saged ngetingalaken badan
langkung lemu.
c. Rampel dress kalihan sepatu sneakers pethak

Tindhak ing adicara pasamuwan utawi wonten ing adicara


temanten ing jaman modern sakmenika kita mesthi kepanggih
kalihan kathah tiyang. Wonten adicara pasamuwan kasebat asring
kepanggih kalihan sadherek,kanca lawas, saha keluarga kita ingkang
mesthi kedhah geguyon nyambi kalihan dhahar saha ngunjuk
pasugatan ingkang cumawis. Menika mesthinipun damel kita awrat
anggenipun obah kanthi bebas. Rampel dress with sneakers 7/8
kanthi corak warni dark turqouise menika tuladhanipun desain
ingkang sawanganipun katon santai lan bisaa saged
dipunpasangaken kalihan sepatu sneakers warni pethak. Busana
menika saged dados pilihan nalika tindhak ing pasamuwan lan
adicara resepsi kanthi sekeca, sawanganipun sae, santai, ananging
tetep katingal sopan, ugi katon modern.

d. Satin dress kanthi warna netral

Satin Dress inggih menika salah sawijining pilihan ugi ingkang


sae kangge tindhak dhateng pasamuwan utawa adicara resepsi.
Bahan busana menika inggih lunyu lan katon nyorotaken cahaya,
damel ingkang ngginaaken katon gadhah wibawa saha elegan
sanadyan namung simple lan boten damel reribet. Warni netral
kayata nude bisa dipunpilih amargi warni menika sae dipunangge
nalika wayah siyang ugi dhalu.

e. Kebaya kutu baru saha ngandhapanipun kain

Menawi males tindhak pasamuwan lan adicara resepsi ngangge


gaun utawi dress ananging boten purun ngangge busana ingkang
abot, kayata kebaya ingkang damelipun saking kain brokat, kebaya
saking katun kutu baru menika saged dados pilihan. Kebaya kutu
baru menika menawi dipunangge raosipun katingal santai ananging
menawi dipun sawang tiyang sanes katon elegan saha katon
wibawani.
f. Busana kemeja cemeng saha abu-abu

Kangge tiyang kakung, biasanipun ngangge busana batik kanthi


lengen panjang utawi cekak nalika tindhak dhateng pasamuwan
saha resepsi. Ananging boten wonten lepatipun menawi tiyang
kakung anggenipun ngangge busana kanthi kemeja pethak, clana
panjang cemeng, dasi ugi cemeng, saha sepatu fantofel cemeng
utawi sneakers pethak.

Menawi males anggenipun ngangge warni cemeng saged


dipuncobi ngangge warni abu-abu radi peteng ugi saged ingkang
radi padhang. Saged dipunparingi piranti ingkang saged nambah
wibawaning tiyang kakung saha katingal langkung beda kalihan
ingkang ngangge busana batik.
5. BUSANA PADINTENAN
Busana padintenan asringipun busana ingkang boten formal. Busana
ingkang badhe dipunagem kangge pandintenan menika langkung sae
ngutamakaken kenyamanan. Busana ingkang nyaman boten dipuntamtuaken
saking reginipun busana kasebut.Kita saged nemtuaken nyaman utawi boten
busana kasebut.
Bahan busana saged dados salah satunggaling faktor namtuaken
kenyamanan. Kita saged milih bahan ingkang cocok kalihan kagiatan
ingkang badhe dipunlampahi. Menawi kita klentu milih bahanipun saged
dadosaken raos ingkang kirang nyaman wonten badan.
a. Busana kangge tiyang kakung
Busana ingkang dipunagem wonten padintenan limrahipun
agemaning kang longgar utawi ingkang nyaman. Tuladhanipun :
1) Kaos

Tiyang kakung langkung remen ngagem bahan saking kaos ingkang


saged nyerep kringet.
2) Celana endhek

Manawi ngagem celana endhek menika saged ndadosaken tiyang kakung


langkung nyaman anggeipun beraktivitas.
3) Sandal
Tiyang kakung menika manawi kagiyatan padintenan remen
ngginakaken sandal amargi boten ribet saha lankung nyaman, langkung
santai.
b. Busana kangge tiyang estri
1) Daster / Kaos

Tiyang estri menika anggenipun ngagem busana padintenan milih busana


ingkang longgar saha nyaman kangge nindakaken pedamelan ingkang
katah. Busana kados daster utawi kaos menika nyaman sanget kangge
tiyang estri. Bahan saking daster utawi kaos boten ndadosaken gerah.
2) Celana ingkang longgar

Celana ingkang longgar kangge tiyang estri menika dadosaken nyaman


angenipun obah utawi beraktivitas.
3) Sandal
Sandal ingkang jepit menika langkung sae kangge aktivitas padintenan
amargi boten ribet saha simple.
DAFTAR PUSTAKA

http://e-journal.uajy.ac.id/2971/3/2TA11375.pdf
http://file.upi.edu/Direktori/FPTK/JUR._PEND._KESEJAHTERAAN_KELUARGA/
194608291975012-ARIFAH/Modul_Dasar_Busana.pdf
http://eprints.uny.ac.id/9340/4/BAB%20II-09514134004.pdf

Potrebbero piacerti anche