Sei sulla pagina 1di 2

Chalishah Shifa Martiana

X-1 MIPA

Chairil Anwar

Sapa sing bli weruh ning Chairil Anwar? Pasti sira weruh Chairil Anwar, yaiku wong sastra lan
budaya sing kawentar. Priwe Chairil bisa dadi penyair legen sing sanget kawentar sebab kepinterane.

Chairil Anwar dilahiraken saking Medan, 26 Juli 1922. Bapane arane Toeloes, mantan bupati
Kabupaten Indragiri Riau, asale Taeh baruah, Limapuluh Kota, Sumatra Barat. Baka ibune arane saleha,
asale ning Situjuh,Limapuluh Kota. Chairil Anwar diasuh ning keluargi sing cukup semrawut. Mbok
bapane pegat lan bapane kawin maning. Sewise pegat, abis SMA Chairil melu mboke meng Jakarta.

Chairil manjing sekola Hollandsch-Inlandsche School (HIS), SD nggo wong dewek wektu
penjajahan Belanda. Teruse nerusaken pendidikan ning Meer Uitgebreid Lager Onderwijs (MULO), sekola
nengah setunggal sing pisanan Hindia Belanda, tapi Chairil metu sedurunge lulus. Chairil ngawiti nyerat
minangka wong enom tapi laka sijipun puisie awale sing ditemukaken. Ing usiane 19 tahun, miyang teng
Jakarta trus kenalan kelan bari dunia sastra. Senajan ora lulus, Chairil nguasai basa Inggris, basa Belanda,
lan basa jerman, lan ngisi wektune maos karya pegaweane wong luar negri/ internasional. Wong iku sanget
ngaruhi nyerat puisie gaweane Indonesia.

Sing awit cilik, Chairil terkenal kenang kebadegane. Chairil yaiku wong sing mong dikalahkaken
ning wong sejen. Kepinginane nggo ngiseni ikulah sing nyebabkaken jiwane luap pisan, ora bias diem.
Wektu cilik ning Medan, Chairil sanget pareg bari tiyang sepuh. Saking pareke, mbok tuane ngasih kesan
kasih saying sing tulus ning uripe Chairil. Dalam idupe Chairil sing pedih yaiku wektu mbok tuane ninggal.
Sewise iku, Chairil gambaraken nangise iku ning sajak sing pedih pisan. Sewise mbok tuane, mimie yaiku
wadon keloro sing dipuja pisan lan akhire ninggalkaken Chairil nggo selawase.
Chairil Anwar dikenang minangka “Si Binatang Jalang” ning karyane judul Aku. Liyane nyerat
puisi, Chairil uga nerjemah karya sastra asing meng basa Indonesia. Chairil lan rekanne yaiku Asrul Sani
lan Rival Apin mplopor puisi moderen Indonesia. Puisi-puisie digemari bari masyarakat sape sekiyen.
Chairil ugi gawe “Gelanggang Seniman Merdeka “ taun 1946.

Wadon yaiku dinia Chairil sewise buku. Kaya aran Ida, Sri Ayati, Gadis Rasyid, Mirat, dan
Roosmeini minangka wadon sing ngupayakaken Chairil. Lan aran wadon iku metu ning puisie Chairil.
Nanging, wadon Karawang, Hapsah, Chairil wis nikahi. Perkawinan iku ora umur dawa, sebab keangelan
ekonomi lan uripe Chairil sing ora ganti. Wektu bocahe 7 taun, Chairil dadi duda.

Puitise Chairil ora imbang bari kondisi awake, sing nambah lemah sebab gaya uripe sing semrawut
pisan. Sedurung umure 25 taun, wis kena katah penyakit. Chairil Anwar ninggal ning umur 27 taun sebab
penyakit TBC. Chairil dikubur ning TPU Bivak Karet, Jakarta. Kuburane diziarahbari ewu wong sing jatoh
ati saka wektu nggo wektu. Dina ninggale ugi tansah eling minangka Dina Chairil Anwar.

Potrebbero piacerti anche