Sei sulla pagina 1di 2

Juling Kecelik 11

Dening : Hastaraharja

Bareng kunthi nyaguhi ngono, arimbi sakala nyat! Sawise manteb yen kunthi nyanguhi
temenan anggone bakal gawe priya sing ditresnani Arimbi iku gelem nimbangi katresnane, Arimbi
kanthi swara geneter lan alon nanging rinungu dening kunthi lamun priya kang ditresnani ora liya
kejaba putane dhewe si Werkudara. Dup mireg pamblakane Arimbi yen anake kang panenggak
ditresnani Arimbi, sakala Dewi Kunthi legeg kadya napasnya kandheng. Mula tanpa pinikir dawa
dheweke nyanguhi ngrimuk atine ingkang tinresnani. Amila kadayan dening jibenging pangraos, tan
rinasa kawiyos kang dadya pangosiking batos.

Ingkang lamun winateg, kuwasane kejaba bisa nekakake dewa sing dikarepake tumurun, uga
kena kinaryan kanggo ndadekake pangeram-eram. Saingga kanthi manggelinging cipta Dewi Kunthi
amantram aji piyandele iku sarwi ngelus wadananira Arimbi turta lenging cipta nggambarake
ayuning wanodya kang tan prabedane kulawan matasaning widadari. Dupi wus ilang wujuding asline
Arimbi, cahya kang ngemuli iku nulya sumengka ngaluhur kanthi sadurunge ilang nora kasat ing
pamulat, nilar wasiyat saka Kang Murbengrat. Bareng lagi wae tekan pinggiring bengawan kang
banyune pancen wening banget, Arimbi wis bisa meruhi lamun ing banyu iku katon ana citrane wanit
kang ayu banget. Awit ngira lamu rupa ayu banget kang katon ana ing banyune bengawan iku praene
Dewi Kunthi kang ngetukake dheweke.

Mula karana saking bungahe dheweke sigra bali lumayu ngener ing ngendi Dewi Kunthi
dedunung. Kagawa saka rasa bungah kang tanpa upama, Arimbi kongsi lali marang wekasing cahya
kang mau ngemuli dheweke. Ngangen-angen bab gemese Werkudara marang dheweke, ndayani
Arimbi saya karoban ing bungahing ati. Apamaneh manut ngendhikane Dewi Kunthi, dheweke kuwi
ora mung malih ing bab rupa. Nanging ing bab swara ugkeprungu merdu tur alaras alus manuhara.

Sang Adhipati Dhesthrastra katemben sineba dening pepak adher sagug nayakaning praja
Kuru Janggala. Ananging durung kongsi kang dadya ciptanira tinanggapan dening sagung
paramparaning praja, karungka ingkang miyak ing pasewakan kanthi srunggennya muwus. Awit
sangertine sing lagi lumarab iku wis dadi jenat merga mati kebrangat dening kobaring mbulat-mbulat
saka bebakalinang gurnat aneng Bale Sigala-gala.

Aliyase Werkudara daden saka pokaling mungsuh kang durung ngerti menawa Arya
Bimasena iku wis tumekeng pralaya. Mangka nggone atrekah madha angga, cetha yen mung arep
gawe pituna. Mula Sengkuni sing lungguh paling cedhak karo sang Adhipati, langsung njawil kinarya
nyasmitani amrih sang adhipati ngacarani mring kang katemben prapti.

Pitakonan

1. Sopo anake Dewi Kunthi sing ditresnani karo Arimbi?


A. Adhipati Dhestharastra
B. Sengkuni
C. Arya Bimasena
D. Werkudara
E. Adhipati
2. Sopo sejatine Arimbi kuwi?
A. Dulure Werkudara
B. Raksasi
C. Dewi
D. Bojone Adhipati
E. Kancane Sengkuni
3. Punapa sebabe Arimbi berubah dadi ayu ?
A. Dewi kunthi ngekeki Arimbi jampi-jampi
B. Arimbi mbasuh praene ambek banyune bengawan
C. Arimbi mbalayu ing pinggirane bengawan
D. Dewi Kunthi ngengken Arimbi marani Werkunara
E. Werkudara lungguh ing sebelahi Arimbi

Potrebbero piacerti anche