Sei sulla pagina 1di 4

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

×9 ‫هللا أكبر‬
ِ ‫ هللاُ ا َ ْك َب ُر ِو‬،‫ الَإلَ َه اِالَّ هللاُ َوهللاُ ا َ ْك َب ُر‬،ً‫ان هللاِ بُك َْرةً َوأ َ ِص ْيال‬
‫هلل‬ َ ‫س ْب َح‬ ُ ‫هللاُ ا َ ْك َب ُر َك ِب ْيرا ً َوا ْل َح ْم ُد ِهللِ َك ِث ْيرا ً َو‬
.ُ‫ا ْل َح ْمد‬
ُ‫شك ُُره‬ ْ َ‫ َون‬،‫غ ْي ِر األ ُ َمم‬ َ ‫ ِم ْن‬،‫اح َد ٍة‬ ِ ‫ َو َو َّح َدنَا بِ ِع ْي ِد ِه َكأ ُ َّم ٍة َو‬،‫س ِل ِم ْي َن‬ْ ‫ِي َجعَ َل ا ْليَ ْو َم ِع ْيدا ً ِل ْل ُم‬ ْ ‫ا َ ْل َح ْم ُد ِهللِ الَّذ‬
.‫سانِ ِه َو ُه َو ذُو ا ْل َجالَ ِل َواْ ِإلكْرا َ ِم‬ َ ْ‫علَى َك َما ِل ِإح‬ َ
َ‫ع ا ْل ُم ْلك‬ ِ َ‫ اللَّ ُه َّم َما ِلكَ ا ْل ُم ْل ِك ت ُ ْؤتِي ا ْل ُم ْلكَ َمن تَشَاء َوت‬، َ‫ش َه ُد ا َ ْن الَ اِلَهَ اِالَّ أ َ ْنتَ َوحْ دَكَ الَش َِر ْيكَ لَك‬
ُ ‫نز‬ ْ َ‫أ‬
ْ َ ‫ِير َوأ‬
ً ‫ش َه ُد ا َ َّن ُم َح َّمدا‬ ٌ ‫علَ َى ك ُِل ش َْيءٍ قَد‬ َ َ‫ِم َّمن تَشَاء َوت ُ ِع ُّز َمن تَشَاء َوت ُ ِذ ُّل َمن تَشَاء ِب َي ِدكَ ا ْل َخ ْي ُر ِإنَّك‬
. َ‫س ْولُك‬ ُ ‫ع ْب ُدكَ َو َر‬ َ
‫علَى‬ َ ‫ َو‬،‫ص َح األ ُ َّم ْة‬ َ َ‫ َون‬،‫ َوأَدَّى األ َ َما َن ْة‬،‫سالَ ْة‬ َ ‫الر‬ ِ ‫ الَّذِي بَلَّ َغ‬،‫طفَى‬ َ ‫ص‬ْ ‫علَى َحبِ ْيبِنا َ ال ُم‬ َ ‫س ِل ُم‬َ ُ ‫ص ِل َوا‬ َ ‫الَلَّ ُه َّم‬
.‫ق ِجها َ ِد ِه‬ َّ ‫ َوجا َ َه َد فِ ْي هللاِ َح‬،‫ص َحا ِب ِه َو َم ْن دَعا َ ِالَى هللاِ ِب َدع َْوتِ ِه‬ ْ َ ‫آ ِل ِه َوأ‬
!‫از ال ُمتَّقُ ْو َن‬َ َ‫اي ِبت َ ْق َوى هللاِ فَقَ ْد ف‬ َ َّ‫ِي َوإِي‬ ْ ‫ أ ُ ْو ِص ْي ُك ْم َونَ ْفس‬،ِ‫ ِعبَا َد هللا‬:ُ‫ا َ َّما بَ ْعد‬
Kaum muslimin ingkang dipunmulyaaken Allah SWT,
Wonten wekdal puniko monggo tansah ngaturaken syukur kito dateng Allah SWT ingkang
sampun paring nikmat ingkang kathah, arupi panjang umur, nikmat sehat lahir batin ingkang
kasariro dateng kito sami, tansah akur dateng sedulur, nikmat nagari ingkang gemah ripah
lohjinawi, makmur subur sedoyo saget tinandur kanthi semulur, langkung-langkung nikmat
agami Islam, puncaking kanikmatan gesang ingkang samangke mbekto manungso kebahagiaan
hakiki dunyo dumugi akhirat.

Godong salam bumbune janganan, solawat salam kunjuk dateng manungso pilihan, Nabi
Muhammad SAW, ingkang dados tuladaning titah saklumahing bumi, sakkureping langit,
ingkang tansah kito antu-antu safa’atipun. Mugi-mugi ugi lumeber dateng keluarganipun, sedoyo
sahabatipun, sarta penderekipun ingkang setyo tuhu gegesang sunah-sunahipun.

Allohu Akbar 3x
Wonten khutbah puniko kulo ngengetaken dateng kulo piyambak lumeberipun dateng sedoyo
jamaah monggo kito tingkataken ketaqwaan kito dateng Alloh SWT, kanthi upoyo tanpo selo,
terus tanpo ngagem leren, ningkataken ketaatan saho nebihi saktebih-tebihipun sedoyo
awisanipun Allah SWT.

Allohu Akbar 3x wa lillaahil hamd,


Bapak, ibu, sederek sedoyo ingkang kulo hormati.

Idul Adha utawi Idul Kurban dados setunggaling ibadah tahunan ingkang rutin kito tindakaken
sareng-sareng wonten wulan Dzulhijah. Wonten Dzulhijah meniko kathah ritual keagamaan
ingkang dipun laksanaaken. Haji wonten Mekkah ingkang mampu, siyam arofah, takbiran, sholat
id, soho penyembelihan kewan kurban.

Mestinipun kito sami saget mendet piwulang sedoyo pangibadahan wonten wulan puniko kangge
kito trapaken sedoyo wulan sanesipun. Piwulang ingkang saget kito pendet antawisipun :
1. Nilai-nilai Syukur
“Innaa a’thoinaaka kautsar, fasholli lirobbika wanhar”(Setuhune Ingsun wus paring nikmat kang
akeh, mongko sholato lan kurbanno karono pangeraniro). Mboten saget dipun pungkiri bilih
sedoyo kebetahan kito Allah ingkang nyekapi kagem gesanging kito sami, mila saking puniko
tentu syukur dateng Allah wajib hukumipun. Wujud syukur inggih kanthi sholat soho kurban.
Kanthi sikap syukur puniko kito saget gesang kanthi tentrem, ugi masyarakat kito bade aman,
sebab tiyang ingkang syukur tebih saking sifat tamak, rakus, iri lan drengki. Kekayaan ingkang
saestu inggih puniko ati ingkang syukur “Laisan ghina ‘an katsrotil ghina, walaakinnal ghina,
ghinannafsi” (Ora diarani sugih kanthi kathahing bondho, nanging sugih sejatine sugih
atine/jiwane.)

2. Nilai-nilai Berkurban
Kurban saking tembung qoruba ingkang maknanipun cedak, parek, cerak. Dados kurban meniko
usaha supados kito cerak dateng Allah SWT. Pramilo sedoyo ibadah ingkang kito tindakaken
kedah ingkang paling sae. Kito dipun awisi kurban kanthi kewan ingkang lelaranen, cacat,
dereng cekap umur.
Bongso kito saget mardiko awit pengorbanan para pahlawan, negari saget majeng menawi
sedoyo, pejabat, rakyat, konglomerat, teknokrat, birokrat, nggadahi sifat rela berkurban,
kepentingan masyarakat ingkang dipunpentingaken nglangkungi kepentingan diri pribadi,
kluargo lan golongan.
Ananging ironisipun sakmeniko kito nyekseni drama kehidupan ingkang miris ati kito sami.
Wonten istilah Trias Koruptika, korupsi sampun mlebet dateng eksekutif, legislatif ugi yudikatif.
Ingkang mestinipun negakaken hukum, justru korupsinipun edan-edanan mboten namung jutaan,
milyaran nanging ngantos trilyunan. Kamongko Alloh sampun ngengetaken kito sami “Wailul
likulli humazatil lumazah, alladzi jama’a maalaun wa’addadah” (Ciloko tumrap pengumpat lan
pencela, ingkang ngunpulaken bondho lan ngetung-etung), awit biasanipun tiyang ingkang
ngumpat menawi kelong bandanipun lan seneng nyacat soho ngremehaken tiyang sanes ingkang
dipun anggep miskin.

Pramilo monggo watak korupsi meniko kito icali saking pagesangan kito sami kanthi
ngedepanaken sikap rela berkurban.

3. Nilai Ketaatan
Wonten ibadah Kurban meniko ugi nguji dateng kito sami tingkat ketaatan dateng Allah SWT,
kados dene Nabi Ibrohim ketaatanipun dateng Gusti Allah mboten dipun sangseaken maleh, Kito
saget nyonto ketaatan Nabi Ibrohim nglangkungi raos tresnanipun dateng putranipun. Bilih
namung Allah ingkang dipun taati.
‫ُون لَ ُه ُم ا ْل ِخيَ َرةُ ِم ْن أ َ ْم ِر ِه ْم َو َمن‬
َ ‫سولُهُ أ َ ْمرا ً أَن يَك‬ُ ‫َّللاُ َو َر‬
َّ ‫ضى‬ َ َ‫َان ِل ُم ْؤ ِم ٍن َو َال ُم ْؤ ِمنَ ٍة إِذَا ق‬
َ ‫َو َما ك‬
﴾٣٦﴿ ً ‫ض َالالً ُّم ِبينا‬
َ ‫ض َّل‬َ ‫سولَهُ فَقَ ْد‬ ُ ‫َّللاَ َو َر‬
َّ ‫ص‬ ِ ‫َي ْع‬
“Ora pantes tumrap wong mukmin lanang lan mukmin wadon, nalikane Allah soho utusane
wus nemtoake perkoro, ora ono pilihan tumrap wong akeh saking urusane, lan sing sopo
wonge durakani Allah lan utusane temen sasar, sasar kang nyoto.” (Al-Ahzab 36)
Sewalikipun kathah sakmeniko kito pirsani kathah tetiyang ingkang langkung taat dateng
nafsunipun tinimbang taat dateng Allah, Allah dipun kiwaaken mboten dipunpentingaken,
sahinggo kathah pelanggaran hukum, kados-kados Alloh mboten mirsani ingkang mekaten,
kamongko wonten ngarsanipun Gusti Allah dipun catet kanthi rapi dening Malaikat Raqib lan
‘Atid.
“Ma yalfidzu min qoulin illa ladaihi roqiibun ‘atiidun” (ora ono sewijining ucapan kejobo ono
catetan ono pengawasan kang cerak/roqib ‘atid)

4. Nilai-nilai kasih sayang.


Wonten ibadah kurban ugi ngemot nilai kasih sayang, kasih sayang nggadahi pangertosan
menehi sae ingkang awujud barang utowo materi ugi ingkang awujud sanes barang/non materi.
Agami Islam meniko dipun tegakaken kalih perkawis inggih kasih soho sayang. Kanthi ibadah
kurban mestinipun nuwuhaken perhatian kito dateng sesami, kito ngraosaken sakalangkung
nikmat menawi saget mbiyantu tiyang sanes. Ananging kito tingali kathah sakmeniko tiyang-
tiyang ingkang tegel mirsani seduluripun samsara, bongsonipun dipungadeaken, rakyat
nanggung utang ingkang kathah kamongko ingkang menikmati namung sekedik elit bongso
puniko. Monggo kanthi momen kurban tahun puniko pinongko ningkatipun raos kasing sayang
kito dateng sesami.
“Laa yu’minu ahadukum hattaa yuhibbu liakhiihi kamaa yuhibbu linafsihi” (Ora den arani wong
iman, menowo durung tresno maring sedulure koyodene tresnane marang awake dhewe.)
“Man laa yarhamu, falaa yurhamu” (Wongkang orang nyayangi ora bakal disayangi)

5. Nilai Ekonomi lan Kemakmuran


Kanthi ibadah kurban soho haji wekdal puniko ugi mujudaken kegiatan ekonomi ingkang ageng
nglibataken sedoyo unsur masyarakat, sae petani, pengusaha, pemerintah lan sanesipun. Kanthi
kurban mestinipun tiyang Islam majeng babagan peternakanipun, teknologi penyimpanan
daging, ilmu gizinipun, tiyang Islam ugi mestinipun majeng babagan transportasi, sahinggo saget
ngangkut jamaah haji kanthi lancar lan aman.

Allohu Akbar 3x
Sagung jama’ah ingkang berbahagia.

Mekaten ingkang saget kulo aturaken wonten khutbah wekdal puniko,


Ibadah paling penting sholat, langkung sae menawi berjama’ah
Mugi khutbah puniko mbekto manfaat, dateng kulo piyambak lan tiyang kathah.

Parangtritis sakwetan samas, asin banyune segoro.


Menawi wonten ingkang kirang titis soho kirang pas, kulo nyuwun pangapuro
.‫ص َحابِ ِه والحمد هلل رب العالمين‬ ْ َ‫علَى آ ِل ِه َو ا‬ َ ‫سيِ ِدنَا ُم َح َّم ٍد َو‬َ ‫علَى‬ َ ‫س ِل ْم‬ َ ‫ص ِلى َو‬ َ ‫اَلل ُه َّم‬
‫ت‬ِ ‫س ِل َما‬ ْ ‫ أَلل ُه َّم ا ْغ ِف ْر ِل ْل ُم‬،‫ارا‬
ْ ‫س ِل ِم ْي َن َوا ْل ُم‬ ً َ‫ار َح ْم ُه َما َك َما َربَّيَا َنا ِصغ‬ ْ ‫الل ُه َّم ا ْغ ِف ْر لَنَا َو ِل َوا ِل َد ْينَا َو‬
،‫ت‬ ِ ‫اء ِم ْن ُه ْم َواْألَ ْم َوا‬ِ َ‫ت اَ ْْألَحْ ي‬ ِ ‫َوا ْل ُم ْؤ ِم ِن ْي َن َوا ْل ُم ْؤ ِم َنا‬
َ َ‫ب اِ ْه ِز ِم اْليَ ُه ْو َد َواَع َْوانَ ُه ْم وال‬
‫ص ِل ْي ِب ِي ْي َن‬ ِ ‫ب َو ُمحْ ِز َم اْألَحْ َزا‬ ِ َ ‫ي ا ْل ِحسا‬ َ ‫ب َو ُمجْ ِر‬ ِ ‫اَلل ُه َّم يَا ُم ْن ِـز َل ا ْل ِكتَا‬
َ‫سأَلُك‬ْ َ‫ع ُه ْم َون‬ ْ َ ‫شيُ ْو ِع ِي ْي َن َوا‬
َ ‫شيَا‬ ْ ‫س َما ِليِ ْي َن َوا ِْخ َوانَ ُه ْم َو اْ ِإل‬
ُ ‫شتِ َراكَيِ ْي َن َوال‬ ُ ْ‫الرأ‬
َّ ‫ار ُه ْم َو‬ َ ‫ص‬ َ ‫ظا ِل ِم ْي َن َوا َ ْن‬ َّ ‫ال‬
‫سائِ ِر ِبالَ ِد ا ْل ُم ْ‬
‫س ِل ِم ْي َن‬ ‫ان‪َ ،‬و َ‬ ‫ست َ َ‬ ‫َان‪َ ،‬وأ َ ْفغَانِ ْ‬ ‫ش ْيش َ‬ ‫اق‪َ ،‬وال َّ‬ ‫صى‪َ ،‬وا ْل ِع َر ِ‬ ‫س ِط ْي ِن َواْأل َ ْق َ‬ ‫اللَّ ُه َّم تَحْ ِر ْي َر ِبالَ ِد فَلَ ْ‬
‫ستَ ْع ِم ِر ْي َن‪.‬‬ ‫اصبِ ْي َن َوا ْل ُم ْ‬ ‫ِم ْن نُفُ ْو ِذ ا ْل ُكفَّ ِار ا ْل َغ ِ‬
‫امنَا َو اجْ عَ ْلهُ شَافِعًا لَنَا يَ ْو َم‬ ‫اف َوا ْل ِغنَى نَاتِ َجةً ِم ْن ِصيَ ِ‬ ‫سأَلُكَ ا ْل ُهدَى َو التُّقَى َو ا ْلعَفَ َ‬ ‫اَللَّ ُه َّم إِنَّا نَ ْ‬
‫ا ْل ِقيَا َم ِة‪.‬‬
‫سالَ َم َوا َ ْهلَهُ َوت ُ ِذ ُّل ِب َها ا ْل ُك ْف َر َوا َ ْهلَهُ‪َ ،‬و‬ ‫علَى ِم ْن َهاجِ النُّبُ َّو ِة ت ُ ِع ُّز ِب َها اْ ِإل ْ‬ ‫سأَلُكَ د َْولَةَ ا ْل ِخالَفَ ِة َ‬ ‫اَللَّ ُه َّم ِإنَّا نَ ْ‬
‫اح ِم ْي َن‪.‬‬‫الر ِ‬‫ام ِل ْي َن ا ْل ُم ْخ ِل ِص ْي َن بِ ِإقَا َمتِ َها بِ ِإ ْذنِكَ َيا اَ ْر َح َم َّ‬ ‫اجْ عَ ْلنا َ ِم َن ا ْلعَ ِ‬
‫علَى ِم ْن َهاجِ نَ ِبيِكَ ‪َ ،‬واجْ عَ ْلنَا‪،‬‬ ‫ش َد ِة َ‬ ‫الرا ِ‬ ‫س ْو ِلكَ ِم ْن ع َْو َد ِة ا ْل ِخالَفَ ِة َّ‬ ‫علَى َر ُ‬ ‫ع َدنَا َ‬ ‫اَللَّ ُه َّم أ ْن ِج ْز لَنَا َما َو َ‬
‫َوذُ ِريَّاتِنَا ِم َّم ْن أَقَا َم َها ِبأ َ ْي ِد ْينَا‪..‬‬
‫س ِر ْي َن‪ ،‬اَللَّ ُه َّم ت َ َقبَّ ْل ِمنَّا ُدعَائَنَا ِإنَّكَ أ َ ْنتَ‬ ‫سنَا َوا ِْن لَ ْم ت َ ْغ ِف ْرلَنَا َوت َ ْر َح ْمنَا لَ َنك ُْونَنَّا ِم َن ا ْل َخا ِ‬ ‫ظلَ ْمنَا أ َ ْنفُ َ‬ ‫َربَّنَا َ‬
‫الر ِح ْي ُم‪.‬‬‫اب َّ‬ ‫ع َل ْينَا اِنَّكَ ا َ ْنتَ الت َّ َّو ُ‬ ‫س ِم ْي ُع ا ْلعَ ِل ْي ُم َوت ُ ْب َ‬ ‫ال َّ‬
‫علَى الَّ ِذ ْي َن ِم ْن قَ ْب ِلنَا‬ ‫علَ ْينَآ اِص ًْرا َك َما َح َم ْلتَهُ َ‬ ‫طأ ْ َنا َربَّ َنا َوالَ تَحْ ِم ْل َ‬ ‫س ْي َنآ أ َ ْو ا َ ْخ َ‬ ‫َاخ ْذنَا ا ِْن نَّ ِ‬ ‫َربَّنَا الَ تُؤ ِ‬
‫علَى ا ْلقَ ْو ِم‬ ‫ص ْرنَا َ‬ ‫ار َح ْمنَا ا َ ْنتَ َم ْوالَنَا فَا ْن ُ‬ ‫عنَّا َوا ْغ ِف ْرلَنَا َو ْ‬ ‫ْف َ‬ ‫طا َقةَ َلنَا ِب ِه َواع ُ‬ ‫َربَّنَا َوالَ ت ُ َح ِم ْلنَا َماالَ َ‬
‫ا ْل َك ِافِ ِر ْي َن‬
‫ع َّما‬‫ب ا ْل ِع َّز ِة َ‬ ‫ان َربِكَ َر ِ‬ ‫س ْب َح َ‬ ‫اب النَّ ِار‪َ ،‬و ُ‬ ‫عذ َ َ‬ ‫سنَةً َوقِنَا َ‬ ‫آلخ َر ِة َح َ‬ ‫س َنةً َوفِي اْ ِ‬ ‫َربَّنَا آتِ َنا فِي ال ُّد ْنيَا َح َ‬
‫ب ا ْلعَالَ ِم ْي َن‪.‬‬ ‫س ِل ْي َن َوا ْل َح ْم ُد هللِ َر ِ‬ ‫علَى ا ْل ُم ْر َ‬ ‫سالَ ٌم َ‬ ‫يَ ِصفُ ْو َن َو َ‬
‫هللاُ أ َ ْكبَ ْر هللاُ أ َ ْكبَ ْر هللاُ أ َ ْكبَ ْر َوهللِ ا ْل َح ْم ُد‬
‫والسالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

Potrebbero piacerti anche