Sei sulla pagina 1di 24

TRADHISI REOG BULKIYO DESA KEMLOKO NGLEGOK BLITAR

Dosen Pengampu:
Drs. Sukarman, M. Si.
Octo Andriyanto, S. Pd., M.Pd.

Kasusun dening:

1. Andri Setiawan (16020114005)


2. Suryani Ayu Lestari (16020114012)
3. Heni Sintia Pratiwi (16020114023 )

2016-A

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH

PRODI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

2019
ATUR PANGIRING

Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkag sampun paring
rahmat sarta hidayah saengga saged ngrampungaken tugas makalah punika
kasusun kanthi wekdal ingkang sampun ditemtoaken.

Panulisan makalah punika kangge tugas mata kuliyah Tradhisi Jawa


ingkang nggadhahi irah-irahan “Tradhisi Reog Bulkiyo Ing Desa Kemloko,
Nglegok, Blitar”. Panulis ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng Drs.
Sukarman, M.Si. lan Octo Dendy Andriyanto, S.Pd., M.Pd. ingkang sampun
mbiyantu maringi arahan piwulangan sarta piwulangan ngrampungaken makalah
punika. Boten kesupen ugi ngaturaken agunging panuwun kangge sedaya ingkang
sampun paring pitulungan sajrone ngrampungaken tugas makalah punika.

Mugi-mugi makalah menika saged migunani kangge masyarakat ingkang


maos makalah punika. Panulis sadar yen panulisa menika taksih kathah
kiranganipun. Panulis saged damel makalah salajengipun kanthi langkung sae.

Surabaya, 28 Maret 2019

Panyerat

i
DHAPTAR ISI

ATUR PANGIRING……………………………………………………. i
DHAPTAR ISI ........................................................................................ ii
BAB I PURWAKA
1.1 Lelandhesan Panliten .............................................................. 1
1.2 Undherane Panliten................................................................. 2
1.3 Ancas Panliten ........................................................................ 3
1.4 Paedah Panliten ...................................................................... 3

BAB II ANDHARAN
2.1 Teges lan Mula Bukane Reog Bulkiyo…..............……....... 4
2.2 Makna Ubarampe lan Piranti sajrone Tradhisi Reog Bulkiyo .. 7
2.3 Tata Lakune Reog Bulkiyo lan Owah-owahane...................... 10
2.4 Pangrembakane Reog Bulkiyo................................................. 13
2.5 Pambeda Reog Bulkiyo kalihan Kesenian liyane.................... 14

BAB III PANUTUP


3.1 Dudutan .................................................................................... 16
3.2 Pamrayogi ................................................................................. 16
KAPUSTAKAN...................................................................................... 17
Lampiran

ii
BAB I

PURWAKA

1.1.Lelandhesan Panliten
Kabudayan minangka sakabehe kawruh manungsa minangka makhluk sosial
kang digunakake kanggo mangerteni lingkungan sarta pengalaman manungsa lan
dadi paugeran tumindake manungsa. Kabudayan asale saka basa Sansekerta yaiku
buddhayah kang tegese wujud jamak saka tembung buddhi kang tegese budi
utawa akal. Kanthi etimologis, tembung kabudayan yaiku bab kang sesambungan
karo akal (Koentjaraningrat, 1985:9). Mula, ke-budaya-an iku bisa ditegesi
babagan kang gegayutan karo budi lan akal.
Saben dhaerah mesthi nduweni kabudayan kang maneka werna, anane
maneka werna budaya kasebut disebabake akehe pulo-pulo kang ana ing
Indonesia. Budaya kang ana ing negara Indonesia kuwi nduweni maneka werna
wujud. Saka maneka werna iku bakal ndadekake anane titikan, sikap lan tata
lauku. Sakabehe kuwi kang ana ing masyarakat kudu diuri-uri supaya bisa
diwarisake marang anak lan putu lan ora ilang kepangan jaman. Kabudayaan uga
bisa tuwuh amarga reaksi marang alam utawa lingkungan lan sakiwa tengene.
Miturut masyarakat Jawa kang isih percaya anane apa wae kangkalebu gaib lan
isih percaya anane tradhisi, yen ora ditindakake bakal oleh ala, lan uga bisa dadi
omongane wong. Mula saka kapercayan iku, masyarakat isih nguri-nguri
kabudayan lan tradhisi kasebut.
Kabudayan kuwi kalebu nduweni nilai kang dadi ciri khas saka sabendhaerah
dadi lambange bangsa. Sudikan (2001: 4) ngandharake kabudayan Indonesia
dibagi dadi telung golongan, antarane yaiku: (1) kabudayan nasional, katindakan
sajroning kantor-kantor pamerintahan, sekolah, universitas, lan kagiyatan-
kagiyatan upacara sing asifat nasional, (2) kabudayan dhaerah, minangka wujud
saka maneka warna kagiyatan panguripan saka para masyarakat suku bangsa sing
pathokane saka pranata-pranata sosial sing sumbere ing kabudayan suku bangsa,
(3) kabudayan lokal, minangka wujud saka masyarakat majemuk sing
masyarakate luwih siji suku bangsa, saengga kagiyatan-kagiyatan kasebut

1
pathokane saka pranata-pranata sosialkang sumbere saka kabudayan-kabudayan
suku bangsakang ana, sarta oleh pengaruh saka kabudayan nasional.
Tradisi kalebu warisan leluhur kang isihdilakoni ing jaman biyen lan nganti
saiki uga kalebu ing bageyan saka panguripane masyarakat, kang biyasae saka
negara, kabudayan, wektu utawa agama kang padha. Tradhisi iku ana saka anane
informasi kang diterusne saka generasi ning generasi, saka tulis utawa lesan,
amarga yen ora ana informasi utawa komunikasi, tradhisi bakal ilang. Mula saka
kuwi masyarakat kudu nglestarekake tradhisi saben-saben dhaerahe dhewe. Kaya
kang bakal ditliti yaiku tradhisi Reog Bulkiyo, tradhisi kang nganti saiki isih
diuri-uri dening masyarakat Desa Kemloko, Kecamatan Nglegok, Kabupaten
Blitar uga kalebu tradhisi kang beda, amarga oraana desa liya kang nduweni
tradhisi kasebut.
Reog Bulkiyo yaiku kesenian tradhisional asli Blitar. Kesenian kasebut
minangka tarian perang kang diciptakake dening para prajurit Diponegoro. Ing
wektu iku kesenian Reog Bulkiyo minangka medhia kanggo latihan perang,
nanging manut lakune jaman kesenian kasebut nduweni fungsi minangka sarana
ritual, panglipur, lan seni pertunjukan. Kesenian Reog Bulkiyo iki nduweni
keunikan, amarga kesenian iki ngalami pergeseran fungsi nanging ora owah ing
sajian tekstuale. Tradhisi Reog Bulkiyo kudu ditliti amarga kesenian iki kesenian
tradhisional asli Blitar kang kari siji-sijine lan para seniman kesenian kasebut wis
padha ilang, mula kudu dilakokake panliten iki kanggo mangerteni babagan
tradhisi kesenian Reog Bulkiyo Desa Kemloko, Kecamatan Nglegok, Kabupaten
Blitar.

1.2.Underan Panliten
1) Kepriye teges lan sejarah mula bukane tradisi Reog Bulkiyo ing Desa
Kemloko, Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar?
2) Apa wujud piranti lan makna kang kinandhut sajrone tradisi Reog Bulkiyo
ing Desa Kemloko, Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar?
3) Kepriye tata lampahe tradisi Reog Bulkiyo ing Desa Kemloko, Kecamatan
Nglegok, Kabupaten Blitar?

2
4) Kepriye pangrembakane tradisi Reog Bulkiyo ing Desa Kemloko,
Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar?
5) Apa pambeda antarane tradhisi Reog Bulkiyo ing Desa Kemloko,
Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar karo Reog dhaerah liyane lan
kesenian jaranan?

1.3.Ancase Panliten
1) Mangerteni sejarah mula bukane tradisi Reog Bulkiyo ing Desa Kemloko,
Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar.
2) Mangerteni wujud piranti lan makna kang kinandhut sajrone tradisi Reog
Bulkiyoing Desa Kemloko, Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar.
3) Mangerteni tata lampahe tradisi Reog Bulkiyo ing Desa Kemloko,
Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar.
4) Mangerteni pangrembakane tradisi Reog Bulkiyo ing Desa Kemloko,
Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar.
5) Mangerteni pambeda antarane tradhisi Reog Bulkiyo ing Desa Kemloko,
Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar karo Reog dhaerah liyane lan
kesenian jaranan.

1.4.Paedah Panliten
Asile panliten ngenani tradhisi Reog Bulkiyo ing Desa Kemloko, Kecamatan
Nglegok, Kabupaten Blitar ikinduweni paedah, yaiku:
1) Bisa nambahi kawruh ngenani budaya utamane tradisi Reog Bulkiyoing
Desa Kemloko, Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar.
2) Nambahi kawruh ngenani makna lan wujude ubarampe sajrone tradisi
Reog Bulkiyo ing Desa Kemloko, Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar.
3) Nglestarekake kabudayan Jawa saka warisan leluhur tradisi Reog Bulkiyo
ing Desa Kemloko, Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar.

3
BAB II
ANDHARAN

2.1. Teges lan Mula Bukane Tradhisi Reog Bulkiyo


Kabudayan mujudake salah sawijining jati dhirine bangsa.Saben daerah
duweni kabudayan kang maneka warna kang dadi identitas saka daerah
kasebut.kabadayan dumadi saka tembung “buddayah”, kang duweni teges budi
utawa pikiran. Kanthi etimologis kabudayan nduweni teges yaiku bab-bab sing
ana gegayutane karo budi lan akalpikiran (Koenjaraningrat, 2009-80). Salah
sawijing wujud kabudayan kasebut yaiku Reog Bulkiyo kang ana ing Desa
Kemloko, Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar.
Reog Bulkiyo mujudake salah siji tradhisi kang ana ing Kabupaten
Blitar.Reog Bulkiyo iki mujudake tarian peperangan kang nyaritakake ngenani
siyasat para prajurit Diponegara nalika ndelik saka walanda, yaiku kanthi latian
perang. Mula Reog Bulkiyo iki beda karo Reog-reog umume kang nggunakake
barongan saka merak, ananging Reog Bulkiyo iki tanpa anane Reog saka merak
ning Reoge ya paragane saka prajurit Diponegara dewe kasebut. luwih cethane
bisa dideleng katrangan wawan rembug ing ngisor iki:
“ya Reog Bulkio kuwi tradhisi sing paragane saka keturunan Prajurit
Pangeran Diponegoro, lha ing kene sing diarani Reog iki dudu kayok reog-
reog umume, ning reoge ya manungsa prajurit mau, kang ngambarake lagi
perang, gek barangan dudu barongan ngadek ning barongan turu mlumah
bentuke kaya naga Jawa mluntir, penuh aksi, teknik pemunculan utawa gawa
gendera gambar werkudara, ambune menyan. Ing kawedhanan mambu
menyan.Ciri-ciri khusus gawa gendera gambar Werkudara.Tradhisi iki ora
ana ing wilayah liya.”(Wawanrembug karo KI Hirdiyanto, 7 Maret 2019).

Andharan ing nduwur ngandharake yen Reog Bulkiyo minangka tradhisi kang
ana ing Desa Kemloko, Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar.Tradhisi kasebut
dilakoni dening para keturunan prajurit Diponegoro, kang ngambarake carita ing
jaman semana nalika prajurit gawe siyasat latian perang supaya bebas saka
walanda.Perang kasebut kanthi aksi kang mangedap-edabi.Dene adegan wiwitan
yaiku anane gendera gambar Werkudara kang dadi simbol ing tradhisi iki.Saka

4
pethikan ing nduwur uga mbuktekake yen anane kabudayan iku amerga saka
kabutuhaning manungsa. Bab kasebut laras karo gagasan saka Widyawati
(2008:20) ngandharake yen anane kabudayan kuwi kanggo njangkepi
kabutuhaning manungsa. Amergi manungsa kang berbudaa menika mujudaken
manungsa kang duweni jiwa (cipta, rasa, dan karsa).
Reog Bulkiyo iki tuwuh ing taun 1825 nalika prajurit Diponegoro mlayu
menyang alas Begelan Jawa Tengah, nalika krungu yen swasana wis luwih apik
para prajurit banjur mlayu menyang Blitar yaiku ing Desa Kemloko, Kecamatan
Nglegok. Prajurit Diponegoro ing masa Diponegoro Ontowiryo.Tradhisi iki
diwarisake kanthi cara turun-temurun. Tradhisi iki dipimpin dening Supangi
minangka katurunan katelu Mustar, salah sijine prajurit Pangeran Diponegoro
kang manggon ing kutha Blitar. Dene Bapak Suwagi wis sedha ing taun 2016,
mula saiki kang dadi pemimpin yaiku Marjadi, warga Desa Kemloko, Kecamaan
Nglegok. Cacahe paraga ing tradhisi iki yaiku 14 paraga. 9 Paraga minangka
penari, 4 minangka tukal musik, lan sijine yaiku dalang kang nyaritakake antarane
kaum islam lan kaum kafir.
Tradhisi Reog Bulkiyo diwiwiti kanthi anane swara kempul 2 Slendro,
kempul 1 Slendro, kenong 6 slendro. Banjur penari kasebut nari kangge
sesembahan . penari ing tradhisi iki ana 9 kanthi susunan pengarep 2 prajurit,
minangka paraga kang perang, 6 prajurit minangka plandhang utawa wasit
minangka paraga kang gawa gendera panji. Dene gendera kasebut kanthi lambang
Hanoman lan Dasamuka minangka lambang putih lan merah kang makili teges
kabecikan lan kajahatan. Bab menika saged dibuktekaken lumantar pethikan ing
ngisor iki:
“Setelah menyembunyikan diri dari kejaran Belanda.Lha iki masuk jaman
Diponegoro Ontowiryo ya kiro-kiro taun 1825.Iki salah siji siyasat kangge
ndelik saka Belanda yaiku terus berlatih masiyo nganti babak belur
katimbang kecekel Belanda.Tradisi iki ndak semua orang bisa pentas
kecuwali ana keturunan prajurit.Kuwi mujudake persyaratan. Mula yen
dikongkon berkembang yo anggel. mungkin ya ing jaman kuwi abang kuwi
diibaratke keberanian, kan jenenge dadi prajurit lak ya kudu wani perang
kudu wani mati. Lha dene werna putih kui ya lambang kasucian yaiku
katulusaning ati para prajurit anggene merjuangake nagara. Pancen werna
kuwi wes ana kawit biyen mula ora wani ngothak- atik, wiwit biyen nganti

5
saiki ya pancet ngunukui. Sakliyane kuwi putih kuwi dadi simbole kabecikan
yaiku saka gambare Hanoman.Dene abang mingka simbol ala, saka gambare
Dasamuka.”(Wawanrembug karo KI Hirdiyanto, 7 Maret 2019).

Pethikan kasebut nuduhake mula bukane tradhisi Reog Bulkiyo iku ing jaman
Walanda nalika masa Diponegoro Ontowiryo ing taun 1825.Tradhisi kasebut mula
bukane mung siyasat supaya ora kecekel walanda.Siasat kasebut terus
dikembangake nganti saiki amerga para prajurit kang netep manggen ing papan
Blitar.Sajrone tradhisi kasebut ngemu simbol-simbol minangka ciri khas saka
tradhisi iki. Kayata dominasi werna abang lan putih, gambar Hanoman lan
Dasamuka kang dadi lelambang tumindak becik lan ala.
Taun 1825 nganti 1897, yaiku 72 taun tradhisi Reog Bulkiyo mung bisa
dinikmati dening pelaku seni kanggo sarana latian perang. Ananging saka gilir
gumantine jaman kang saya suwe saya maju ing taun 2009 tradhisi iki ngalami
parkembangan kang bisa dadi sarana lelipur tumram masyarakat bebrayan. Bab
kasebut laras karo apa kang diandharake dening Sukarman 92006:36). Kang
ngandharake sajrone masyarakat kabudayan kuwi bisa urip, owah lan rembaka.
Gagasan kasebut uga laras klawan gagasan Widiyawati (2008:20) yen budaya
kuwi isa owah saka gilir gumantine jaman lan anane owahan saka pikiraning
manungsa.
Senajan ngalami owah-owahan mligine ing fungsine ananging saka wujud
tari, klambi, iringan, panchet padha ora owah. Bab kasebut bisa dibuktekaken saka
pethikan ing ngisor iki:
“ tarine ya panggae ae, klambine ya panggah, iringane barangki yo ket biyen
ngunu, tradhisi iki ya kayak apa sing takpelajari lan mangerteni ing jaman
semana”. (Wawanrembug karo KI Hirdiyanto, 7 Maret 2019).

Nilai-nilai kang ana sajroning tradhisi Reog Bulkiyo iki ngenani nilai
kapahlawan. Nilai kepahlawanan kasebut digambarake lumantar para prajurit
kang wani perang lan ora wedi mati anggeni bela negara. Kanthi siyasat apa wae
dilakoni supaya bisa lolos saka walanda. Babgan kasebut uga kalebu nilai
patrionalisme.Bab menika dibuktekaken saka pethikan ing ngiso iki:
“ya cetha nilai kepahlawanan, berani dan pantang menyerah.”

6
Saka andharan kasebut bisa dibuktekake yen tradhisi Reog Bulkiyo
mujudaken kearifan lokal kang bisa dadi piwulangan tunulad. Saliyane nilai
kasebut uga ana nilai-nilai lioyane kayata gotong royong tulung tinulung,
karukunan, lan pangurbanan.

2.2. Makna Piranti sajrone Tradhisi Reog Bulkiyo Kabupaten Blitar


Wujud piranti kang digunakake ing tradhisi Reog Bulkiyo maneka werna.
Piranti digunakake kanggo syarat nindakake adicara tradisi Reog Bulkiyo kang
wis ana lan ditemtokake wiwit biyen. Saka asile observasi ngenani tradhisi Reog
Bulkiyo yen piranti iku dibagi saka jumlah paraga sing ana ing kesenian Reog
Bulkiyo. Paraga Reog Bulkiyoana 14, diperang dadi nem bageyan lan saben-saben
bageyan nduweni tugas dhewe-dhewe, kayata:nem paraga sing nari kang nggawa
terbang/rebana. Terbang/rebana iku ana terbang thrinthing, terbang gedug telu,
terbang glenyohan lan rong terbang gae. Siji paraga nggawa sapasang
kecer/kepyek. Siji paraga nyebul sronen/ trompet. Telung wong nabuh kenong lan
kempul kang ana kempul (jur) kanthi nada slendro, kenong kanthi nem slendro
uga bende kanthi nada slendro. Siji paraga nggawa gendera abang putih.Piranti
sing pungkasan yaiku digawa rong paraga yaiku pedhang.
Miturut pamangku adat, piranti kang digunakake ora tau ganti ing saben taune
kang wis disyaratake sakabehe wujud piranti kudu ana nalika acara tradhisi Reog
Bulkiyo. Nganti saiki durung ana saka piranti kasebut kang ketinggalan amarga
kuwi wis kalebu syarat kang kudu ana. Senajan piranti kasebut kagolong prasaja,
nanging tumrap masyarakat kang ngugemi anane tradhisi Reog Bulkiyo, piranti
kasebut nduweni makna dhewe-dhewe. Mula saka kuwi supaya luwih gamblang
bakal diandharake ing ngisor iki:
"ya sing utama ya pedhang, kuluk prajurit kanthi werna abang putih, umbul-
umbul utawa gendera gambar Werkudara mau, gong, trompet, kepyek. Dene
paragane ya kan enem penarine sing memainkan terbangan kuwi gawe clana
ireng enek glubetan sarung wernane abang karo putih, gawe klambi putih lan
slempang, udeng gilik bawang sewungkul. Lha prajurit sing perang lan gawa
gendera gawe clana abang, klambi putih, lan gawa pedang." (wawancara karo
Ki Hardiyanto, 7 maret 2019)

7
Wawancara kasebut ngandharake yen piranti/ ubarampe kang digunakake
nalikane adicara tradhisi kesenian Reog Bulkiyo kang ana ing Desa Kemloko,
Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar.Uga diandharake ngenani tata busana kang
digunakake dening paraga tradhisi Reog Bulkiyo. Luwih jelase bakal diandharake
ing ngisor iki ngenani piranti lan ubarampene.

1) Terbang Thrinthing, terbang gedhug telu, terbang gleyohan lan terbang gae
Terbang ing kene yaiku minangka piranti musik pukul kang kagolong
kategori membranophon kang nduweni sumber swara asale saka kulit. Membran
kasebut dipasang kanthi wujud bunder lan nduweni bolongan ing tengahe.
Sajrone Reog Bulkiyo ana rong jinis swara terbang kang digunakake yaiku
swara dhe sajrone notasi ditulis (b) lan swara tak sajrone notasi ditulis (t). Jinis
terbang iki digawe dening para penari.
2) Kecer/kepyek
Piranti iki nduweni guna minangka pengatur irama saka sekabehane piranti
musik Reog Bulkiyo.
3) Sronen (trompet)
4) Kempul (jur) kanthi nada slendro, kenong kanthi nem slendro, lan bende
kanthi nada slendro
5) Umbul-umbul werna abang putih
Umbul-umbul ing kene yaiku ungkapan kang nggambarake yen perang
antarane kebecikan kalihan babagan ala.Umbul-umbul kasebut diwenehi lukisan
Dasamuka lan Hanoman. Lukisan Hanoman yaiku gambaran paraga kang nduwe
jiwa kesatriya lan nduweni watak jujur, dene Dasamuka nggabarake watak
angkara murka.
6) Pedhang
Pedhang kang digawa paraga nggambarake rong klompok kang perang yaiku
antarane kabecikan lan babagan ala.
Piranti-piranti kayata kang diandharake ing ndhuwur, kayata gong, pecer
(kepyek), umbul-umbul (panji), lan pedhang mujudake ciri khas saka kesenian
kang ngadopsi cerita perang saka surat Anbiya sajrone Al quran kang nyritakake

8
perang kabecikan kalihan babagan ala. Babagan iku bisa ditegesi perang antarane
umat muslim kalihan kaum kafir. Kesenian Reog Bulkiyo uga nggunakake piranti
arupa berang. Berang yaiku piso kang ukurane gedhe asale saka wesi lan yen rong
berang kuwi gandheng bakal ngetokake geni. Gendera panji digawa lan
digunakake minangka piranti tari dening plandhang utawa wasit. Sajrone piranti-
piranti iki minangka pelengkap kanggo menehi gerak Reog Bulkiyo.Upaya
nggunakake piranti tari luwih ing kabutuhan tertamtu kanggo nglengkapi sajrone
menehi makna gerak minangka tuntutan ekspresi.
Saliyane piranti-piranti musik sing digawe iringan ana tata busana kang
digunakake sajrone Reog Bulkiyo. Busana ing kesenian Reog Bulkiyo kaperang
dadi telung macem, yaiku digunakake dening plandhang, pangarep lan prajurit.
Busana plandhang ana blangkon, kemeja putih lengen dawa, beskap monte ireng,
stagen, clana ireng dawa, jarik parang barong, keris lan sepatu putih (dipadhakne
karo kahanan). Busana kang digunakake dening pengarep yaiku blangkon, kemeja
putih lengen dawa, beskap ireng, stagen, sabuk, keris, clana panji abang, jarik
parang barong, boro-boro lan sepatu putih (diselarasne karo kahanan). Busana
kang digunakake prajurit yaiku blangkon/ udeng gilig bawang sebungkul, klabi
putih lengen dawa, kace abang, srepang abang, stagen, sabuk, keris, boro-boro sair
ireng, clana dawa ireng, kain rok werna abang, lan sepatu putih (diselarasne
kahanan).
Saka andharan ing ndhuwur ngenani piranti/ ubarampe lan tata busana, ing
kene bakal diandharake ngenani makna saka werna kang digunakake sajrone
tradhisi Reog Bulkiyo ing Desa Kemloko, Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar.
Bisa dideleng saka asil wawancara saka salah siji narasuber utawa informan,
yaiku:
"mungkin ya ing jaman kuwi abang kuwi diibaratke keberanian, kan jenenge
dadi prajurit lak ya kudu wani perang kudu wani mati. Lha dene werna putih
kui ya lambang kasucian yaiku katulusaning ati para prajurit anggene
merjuangake nagara. Pancen werna kuwi wes ana kawit biyen mula ora
wani ngothak- atik, wiwit biyen nganti saiki ya pancet ngunukui. Sakliyane
kuwi putih kuwi dadi simbole kabecikan yaiku saka gambare
Hanoman.Dene abang mingka simbol ala, saka gambare Dasamuka."
(wawancara karo Ki Hardiyanto, 7 maret 2019)

9
Wawancara kasebut nuduhake ngenani makna werna kang digunakake dening
para paraga Reog Bulkiyo ing Desa Kemloko, Kecamatan Nglegok, Kabupaten
Blitar, yaiku nduweni makna dhewe-dhewe.Werna abang kuwi ibarate keberanian.
Nggambarake prajurit kuwi kudu wani perang lan ora oleh wedi mati. Dene werna
putih kuwi labange kesucian.Maknane katulusaning ati para prajurit anggene
merjuangake negara. Saliyane akna kuwi werna abang karo putih wis ana kawit
biyen lan ora bisa diothak athik aneh. Wiwit biyen nganti saiki werna sing digawe
lan digunakake dening para paraga Reog Bulkiyo iki ora tau owah. Tegese ya wis
mesthi nggawe werna abang karo putih wae. Makna kang wis diandharake kuwi
ana maneh kang digawe simbol kabecikan saka gambare Hanoman yaiku werna
putih. Dene werna abang kuwi sibol ala, yaiku saka gambare Dasamuka.

Andharan ing ndhuwur ngenani piranti, ubarampen, tata busana lan makna
kang kinandhut sajrone tradhisi kesenian Reog Bulkiyo ing Desa Kemloko,
Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar. Andharan ing ndhuwur supaya bisa
dingerteni yen ubarampe, piranti lan busana kuwi wis ora bisa diowahi amarga
nduweni makna. Makna sing kinandhut sajrone kuwi mertandhakake wiwit anane
tradhisi kuwi nganti jaman saiki ora ana owah-owahan.

2.3. Tata Lakune Reog Bulkiyo lan Owah-Owahane


Kaya kang wis diandharake ing ndhuwur, Reog Bulkiyo mujudake sawijining
kesenian sakral kang dumadi ing desa Kemloko, Kecamatan Nglegok, Kabupaten
Blitar. Kesenian iki diarani kesenian sakral amartga saben-saben lumakune
pagelaran ana bumbu-bumbu kang ngemu mistik Jawa. Sakabehe bab kasebut
dumadi ana ing saben-saben rantaman tata lakune Reog Bulkiyo.

Sajrone pagelaran Reog Bulkiyo, ana telung perangan kang dadi tata lakune
pagelaran. Perangan kasebut ing antarane yaiku pambuka, inti, lan panutup. Ing
bageyan pambuka ana sewelas jinis jogetan yaiku sembah nganten (salamhormat),
aba-aba prajutrit, iring-iring prajurit, lincak gagak, langkah seor, gagahan, ngasah
gegaman, nantang, rubuh-rubuh gendhang, untir-untir, maju mundur, lan
dipungkasi mubengi wong kafir.

10
Dene ing perangan inti dumadi saka patang jinis yaiku solah, kencak,
bacokan, lan dipungkasi nggorok (mbeleh) wong kafir. Ing sajrone perangan inti
iki ana uga kang sinebut jago tarung. Tetembungan kasebut kanggo mastane jago
kang awujud tetungguling prajurite wong kafir lan wong Islam. Dene ing
perangan panutup, wadya bala kafir lan Islam lumaku iring-iringan.

Andharan kasebut njlentrehake yen sejatine keseniyan Reog Bulkiyo iki


mujudake kesenian kang nduweni corak islami. Senadyan busana, ubarampe, lan
iringan pagelaran isih nggunakake adat Jawa. Sakehe jogetan kang dumadi ing
sajrone purwaka, inti lan panutupe pagelaran kasebut mujudake joigetan kang wus
dumadi awit kuna-makuna.

Emane, nalika nindakake panliten para paraga kang nindakake lan minangka
pelestari ora kersa kanggo aweh tuladha kanthi gamblang. Sakabehe percaya isih
ngugemi apa kang tinitah wiwit madege kesenian kasebut. Yaiku kesenian iki
mujudake kesenian kanggo ndhelikake jati diri saka bangsa Walanda kang wektu
iku mburu prajurit Diponegoro. Sakebehe jogetan wiwit purwa nganti pungkasan
sejatine mujudake tata cara gegladhi perang utawa olah kaprigelan perang. Mula,
rikala semana para prajurit Diponegoro kang mesanggrah ing Kemloko padha
yasa kesenian kanggo gegladhi perang.

Anane, prajurit Diponegoro uga digayutake karo anane wit sawo ing saben
ngarep omah. Rikala semana, yen ana wong kang nandur sawo kecik ing
sangarepe omah iku mujudake sawijine perangan anggota prajurit Diponegoro.
(Wawancara Ki Hirdianto, 7 Maret 2019).

11
Sawijine pagelaran Reog Bulkio, gambar by Google

Kejaba tata laku kang wis diandharake ing ndhuwur, amarga anane owah
gingsire jaman, Reog Bulkiyo uga ana sawijine owah-owahan. Owah-owahan ing
tata laku ora akeh, mung ing perangan paraga kang nindakake. Babagan kasebut
diandharake dening Ki Hirdianto nnalika wawancara tanggal 7 Maret 2019.

“ya iki mbak lak biyen kan paragane kudu duwe silsilah keturunan karo
prajurit Diponegoro, kan jumplahe ya ora akeh mula ya supaa iki bisa maju
tetep urip ya kudu ana owah-owahan. Lha owah-owahane ya kui paraga Reog
Bulkiyo iki ora kudu duweni keturunan saka prajurit Diponegoro. Saiki sapa
sing gelem lan melu latian ya bisa. Nah sakliyane kuwi biyen nggunakake
menyan, lha lek saiki ya wis ganti ratus, ning tarine ya panggae ae, klambine
ya panggah, iringane barangki yo ket biyen ngunu, tradhisi iki ya kayak apa
sing takpelajari lan mangerteni ing jaman semana”
Saka wawancara kasebut, ngandharake yen sejatine Reog Bulkiyo mujudake
kesenian kang kudu ditindakake dening keturunane prajurit Diponegoro wae.
Ananging jaman saiki wis ana owah-owahan, yaiku sapa wae bisa melu
nglestarekake. Biyen nalika sadurunge miwiti pagelaran mesthi ngobong menyan,
saiki wis diganti nganggo dupa sing ambune ora nyegrak kaya biyen.

Owah-owahan kang dumadi ing Reog Bulkiyo sejatine mujudake owah-


owahan kang digunakake kanggo mapag pangrembakane jaman. Amarga yen ora
kaya mangkono, Reog Bulkiyo wis ilang kalindhes ombak globalisasi. Kesenian
iki mujudake sawijine kesenian kang amping-amping garis kapunahan. Mula yen

12
tetep kukuh bakuh marang tradhisi kuna, kesenian iki bakal mati, bareng karo
puput yuswane para paraga kang nggawa kesenian kasebut.

Saliyane ing paraga, owah-owahan uga dumadi ing guna lan ancase kesenian
kasebut. Biyen kesenian iki katujokake kanggo gegladhi perang lan upacara
sakral. Ananging saiki mung winates kesenian kang mujudake artefak budaya
mijil saka bumi Blitar.

Dene kang njalari anane owah-owahan ing kesenian Reog Bulkio yaiku anane
faktor intern lan ekstern. Faktor intern dumadi ing sajrone paraga (seniman)b
Reog Bulkiyo dhewe. Nanging yen faktor ekstern dumadi ing masyarakat
sakupenge kang wis melu pangrembakane jaman. Mula sakabehe bisa
mangaribawani owah gingsire kesenian Reog Bulkiyo.

2.4. Pangrembakane Tradhisi Reog Bulkiyo


Tradhisi reog bulkiyo ing jaman saiki wis wiwit dilalekake dening saperangan
pawongan. Mula saka iku perlu anane pihak kang nglestarekake tradhisi reog
bulkiyo iki, antarane bisa dirembakakake dening masyarakat, utawa pamerintah
lan ing sekolahan. Luwih cethane bakal diandharake ing ngisor iki:
1). Pangrembakan ing Sekolahan
Pangrembaka tradhisi reog bulkiyo ing sekolah bisa diwiwiti saka gurune
kang mulangake lan menehi piwulangan ngenani sejarah mula bukane reog
bulkiyo supaya muride isa weruh tradhisi asli dhaerahe dhewe. Saliyane kuwi
pihak sekolah bisa nekakake guru ahli kanggo menehi piwulangan tari reog
bulkiyo kanthi langsung. Bisa uga tradhisi reog bulkiyo iki digawe kagiyatan
ekstrakurikuler supaya kabeh murid bisa melu. Saka anane kagiyatan-
kagiyatan kabeh iku dikarepake supaya tradhisi reog bulkiyo bisa luwih
ngrembaka ing kalangan generasi muda.
2). Pangrembaka ing Masyarakat/ Pamerintah
Pangrembaka tradhisi reog bulkiyo iki bisa dilakokake dening sapa wae
lan nang endi wae. Salah sijine yaiku saka pihak pamerintah. Ing kene peran
pemerintah wigati banget kanggo ngrembakakake tradhisi bulkiyo. Amarga

13
tradhisi iki asli saka dhaerah Blitar nanging akeh dhaerah liyane sing durung
ngerti anane tradhisi reog bulkiyo iki. Upaya kang bisa dilakokake dening
pamerintah yaiku kanthi ngedekake utawa nggawe sanggar kang isine
ngenani kesenian tradhisi reog bulkiyo asli Blitar. Saka anane sanggar iki
kabeh wong saka wong enom nganti tuwa bisa melu latihan tari reog bulkiyo
kanthi langsung. Sanggar ing kene uga nduweni peran kang wigati amarga
saka anane latihan kang dijadwal kanthi rutin bisa nggawe tradhisi dikenal
dening dhaerah liyane.

2.5. Pambeda Tradhisi Reog Bulkiyo karo Reog Dhaerah liyane lan Kesenian
Jaranan
Pambeda antarane reog bulkiyo karo kesenian liyane kuwi akeh banget. Akeh
pawongan kang ngarani yen reog bulkiyo kagolong kesenian ora kalebu ing
tradhisi. Nanging pranyatan iku kurang bener, amarga reog bulkiyo iki nduweni
pakem kang ora bisa diilangake uga ana saperangan piranti kang ora bisa
ditinggalake lan ora kena digawe saliyane wektu sing ditemtokake. Dadi reog
bulkiyo iki kagolong tradhisi amarga ana pirang-pirang babagan kang nuduhake
tradhisi, antarane: (1) Reog Bulkiyo dilaksanakake sepisanan yaiku ing wektu
malem sura, (2) Piranti kang digunakake yaiku blangkon/ udeng gilig bawang
sebungkul kuwi ora bisa digawe sembarangan pawongan uga ora oleh digawe ing
wayah saliyane wayah tradhisi reog bulkiyo dilakokake, lan (3) Urutan reog
bulkiyo dilakokake kanthi urut ora bisa diwolak walik.
Andharan ing ndhuwur ngandharake reog bulkiyo minangka tradhisi. Banjur
ing kene bakal diandharake ngenani bedane reog bulkiyo karo reog dhaerah liya.
Babagan kang dadi pambeda yaiku: (a) Reog bulkiyo ora ngundhang babagan
kang ghaib/mistik, dene reog dhaerah liyane paraga sing mragakake kuwi
ngundang babagan kang ghaib. (b) Reog bulkiyo kagolong tradhisi kang ngandhut
babagan islam, dene reog dhaerah liyane ora ngandhut babagan kang islam. (c)
Reog bulkiyo dilaksanakake ing ruwang tertutup, dene reog liyane ing ruwang
terbuka. lan (d) Reog bulkiyo minangka tradhisi, dene reog dhaerah liya minangka

14
kesenian. Babagan mau kang dadi pambeda antarane reog bulkiyo lan reog ing
dhaerah liya.
Ana pawongan kang ngarani yen reog bulkiyo iki yen ora kaya reog ing
dhaerah liyane ananging kayata kesenian jaranan. Nanging ing kene reog bulkiyo
lan jaranan uga ana pambedane. Pambedane yaiku: (1) reog bulkiyo minangka
tradhisi, dene jaranan minangka kesenian. (2) reog bulkiyo dilaksanakake ing
ruwang tertutup, dene jaranan ing ruwang terbuka. (3) reog bulkiyo namung
dilakokake ing dhaerahe dhewe, tegese ora dipentasake ing dhaerah liyane. Dene
jaranan bisa dipentasake ing dhaerah endi wae. (4) reog bulkiyo dilaksanakake
kaping siji saben taun, dene jaranan bebas ora kaiket aturan. lan (5) reog bulkiyo
saben gerakan nduweni teges sejarah utawa gerakane gerakan perang, dene
jaranan gerakane minangka kesenian utawa tarian.
Inti saka andharan ing ndhuwur yaiku reog bulkiyo minangka tradhisi asli
saka Desa Kemloko, Kecamatan Nglegok, Kabupaten Blitar. Tradhisi reog
bulkiyo nduweni jeneng padha yaiku reog nanging bedane karo reog liyane
didelok saka gerakan lan pirantine. Uga bisa dideleng saka pelaksanaane kang
cetha mbedakake tradhisi iki karo kesenian liyane. Titikane tradhisi reog bulkiyo
yaiku ora bisa dilaksanakake saliyane wektu kang ditemtokake kawit jaman biyen.
Uga ana piranti kang ora bisa dienggo saliyane tradhisi iku dilaksanake, yen
dienggo saliyane wektu pelaksanaane bakal ana babagan kang ora sewajare.
Paraga kang nglaksanakake tradhisi iki bisa menehi tuladha tumrap pawongan
liyane nanging ora bisa nggawe busana utawa piranti kang wis dadi pakem
dienggo ing wayah pelaksaan.

15
BAB III
PANUTUP

3.1. Dudutan
Reog Bulkiyo mujudake kesenian kang dumadi ing Desa Kemloko,
Kecamatan Nlegok, Kabupaten Blitar. Kesenian iki tuwuh amarga anane prajurit
Diponegoro kang lumayu mangetan lan mesanggrah ing Desa Kemloko. Wiwitane
kesenian iki digunakake kanggo nyamar lan gegladhi perang supaya ora diweruhi
dening bangsa Walanda. Nanging suwe saya suwe kesenian iki owah manud
pangrembakane jaman, mula kesenian sing biyene sarana panyamare prajurit,
saiki dadi artefak kabudayan saka Blitar.

3.2 Pamrayogi
Kesenian Reog Bulkiyo mujudake sawijine keseiyan kang wus nedhaki puna.
Mula kanggo para mudha, kudu tansah metri lan ngleluri murih lestarine kesenian
iki. Tata laku kang isih kalimpud sakrale tradhisi kuna sithik mbaka sithik kudu
bisa dilarasake karo pangrembakane jaman supaya Reog Bulkiyo bisa diweruhi
lan dadi sarana nggegulang anak putu ing tembe mburi.

16
KAPUSTAKAN
Aribowo, Yanu. 2011. Reog Bulkio @Festival Penataran 2011. (online)
(http://inilahblitar.blogspot.com/2011/10/reog-bulkio-festival-penataran-
2011.html

Aribowo, Yanu. 2011. Reog Bulkio. (online)


(http://inilahblitar.blogspot.com/2011/10/reog-bulkio.html) diakses tanggal
20 Maret 2019

Koenjaraningrat. 2009. Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: Rineka Cipta.


Koentjaraningrat.1985. Kebudayaan Mentalitas dan Pembangunan. Jakarta: Pt
Graemedia.
Sudikan, Setya Yuwana. 2001. Metode Penelitian Budaya. Surabaya: Unesa
Unipres- Citra Wacana.
Sukarmar. 2006. Pengantar Kebudayaan Jawa. Surabaya: UnesaUnipers.
Widikurnia, Nurisa.__. Pergeseran Fungsi Kesenian Reog Bulkiyo Di Desa
Kemloko Kecamatan Nglegok Kabupaten Blitar. FBS.UNESA. Surabaya.
Widiyati, Sri Wahyu. 2008. Ilmu Sosial Budaya Dasar. Surabaya: Unesa
University Press.

17
Lampiran 1

Transkrip Wawancara

Narasumber : Ki Hirdianto

Alamat : Blitar

A : Menapa ingkang dipunwastani/teges Reog Bulkio menika?

B : ya Reog Bulkio kuwi tradhisi sing paragane saka keturunan Prajurit


Pangeran Diponegoro, lha ing kene sing diarani Reog iki dudu kayok reog-
reog umume, ning reoge ya manungsa prajurit mau, kang ngambarake lagi
perang, gek barangan dudu barongan ngadek ning barongan turu mlumah
bentuke kaya naga Jawa mluntir, penuh aksi, teknik pemunculan utawa
gawa gendera gambar werkudara, ambune menyan. Ing kawedhanan
mambu menyan. Ciri-ciri khusus gawa gendera gambar Hanoman lan
Dasamuka. Tradhisi iki ora ana ing wilayah liya.

A : Simbol werkudara menika tegesipun/maknane menapa?

B : Gambar werkudara yaiku simbol anane kabecikan lan tumindak ala ,


simbol kuwi ya bisa saka wern abang lan putih.

A : Kados pundi Mula bukanipun Repg Bulkiyo menika?

B : Setelah menyembunyikan diri dari kejaran Belanda. Lha iki masuk


jaman Diponegoro Ontowiryo ya kiro-kiro taun 1825. Iki salah siji
siyasat kangge ndelik saka Belanda yaiku terus berlatih masiyo nganti
babak belur katimbang kecekel Belanda. Tradisi iki ndak semua orang
bisa pentas kecuwali ana keturunan prajurit. Kuwi mujudake persyaratan.
Mula yen dikongkon berkembang yo anggel

A : Sinten kemawon ingkang kalebet paraga ing tradhisi menika?

B : Ya kuwi mau sanak kaluwarga kang ana jalur keturunan karo prajuri
Diponegoro. Lha lek ing Jaman saiki ya diterusake karo Supangi,
generasi ketelu ing Desa Kemloko, Kecamatan Nglegok.

A : ubarampe lan piranti ingkan dipunginakaken menapa kemawon?

B : ya sing utama ya pedhang, kuluk prajurit kanthi werna abang putih,


umbulumbul utawa gendera gambar Werkudara mau, gong, trompet,

18
kepyek. Dene paragane ya kan enem penarine sing memainkan
terbangan kuwi gawe clana ireng enek glubetan sarung wernane abang
karo putih, gawe klambi putih lan slempang, udeng gilik bawang
sewungkul. Lha prajurit sing perang lan gawa gendera gawe clana abang,
klambi putih, lan gawa pedang.

A : Menapa wonten maknaipun saking samubarang ingkang


dipunginakaken kok wernane abang putih sedaya?

B : mungkin ya ing jaman kuwi abang kuwi diibaratke keberanian, kan


jenenge dadi prajurit lak ya kudu wani perang kudu wani mati. Lha dene
werna putih kui ya lambang kasucian yaiku katulusaning ati para prajurit
anggene merjuangake nagara. Pancen werna kuwi wes ana kawit biyen
mula ora wani ngothak- atik, wiwit biyen nganti saiki ya pancet
ngunukui. Sakliyane kuwi putih kuwi dadi simbole kabecikan yaiku saka
gambare Hanoman. Dene abang mingka simbol ala, saka gambare
Dasamuka.

A : Menapa wonten ritual saderenge miwiti tradhisi menika?

B : ora ana

A : Kapan lan Wontenpundi tradhisi menika dipunwontenaken?

B : biyasane ya ing sasi Sura, ing Desa Kemloko, Kecamatan Nglegok,


Kabupaten Blitar.

A : Paedhahipun tradhisi menika ing jaman samenika?

B : ya lek saiki yamung gawe duwen-duwen, kekayaan budaya ngunu


supaya smrihe budaya iki tetep urip.

A : Menapa Wonten owah-owahanipun saking tradhisi menika?

B : ya iki mbak lak biyen kan paragane kudu duwe silsilah keturunan karo
prajurit Diponegoro, kan jumplahe ya ora akeh mula ya supaa iki bisa
maju tetep urip ya kudu ana owah-owahan. Lha owah-owahane ya kui
paraga Reog Bulkiyo iki ora kudu duweni keturunan saka prajurit
Diponegoro. Saiki sapa sing gelem lan melu latian ya bisa. Nah sakliyane
kuwi biyen nggunakake menyan, lha lek saiki ya wis ganti ratus, ning
tarine ya panggae ae, klambine ya panggah, iringane barangki yo ket
biyen ngunu, tradhisi iki ya kayak apa sing takpelajari lan mangerteni ing
jaman semana.

19
A : Nilai-nilai menapakemawon ingkang kinandhut sajroning tradhisi
Reopg Bulkiyo menika?

B : ya cetha nilai kepahlawanan, berani dan pantang menyerah.

20
Lampiran 2

21

Potrebbero piacerti anche