Sei sulla pagina 1di 4

Nama kelompok :

1. Ays apriliya
2. Bagas bimantara
3. Diovan teguh .f.
4. Ervina febrianty
5. Marta yulinar R.B
6. Nabilah permata .B.
7. Septian davis .P.
8. Siti kuswandari
9. Wenti dewi .L.

KEONG MAS

Nuju sawijining dinten Raden Inu Kertapati lan Candra kirana wonten ing krajaan
ngwontenake parepatan kangge ngrembag babagan nikahane Raden Inu Kertapati kaliyan
Candra Kirana. Ananging Dewi Galuh sedereke Candra Kirana ora seneng yen Raden Inu
kaliyan Candra Kirana nikahan banjur dheweke lungga saka krajaan kanggo nemoni Mbah
Dukun.

Dewi galuh : “Aku pengen adhiku dadi apa wae sing paling nggilani. Cepet saiki!”

Ibuk.e dewi galuh : “Inggih mbah, panjenengan dadosaken kewan apa wae sing paling
nggilani”

Mbah dukun : “Ngapunten sakderenge dewi lan ibuke, nanging wonten punapa saengga kula
kedah ngutuk Candra Kirana?”

Ibuk.e Dewi Galuh : ”Candra Kirana wes ngrebut Raden Inu Kertapati saka anakku Dewi
galuh, aku ora pengen ngerti Candra kirana dadi bojone Raden Inu Kertapati.”

Mbah Dukun : “Inggih.”

(Ing sawijining dina, ana wong tuwa utawa rondo tuwo sing diarani mbok randha dadapan
sing lagi golek iwak nganggo jala ing kali.)

Mbok Randha : “Rasa-rasane dina iki aku pengin mangan iwak. Ah … coba tak golek iwak
nang kali nganggo jala, mesthi luwih cepet entuk katimbang nganggo pancing.”

(Saktekane ing kali…)

Mbok Randha : “kira-kira sing akeh iwake ngendi ya?”

(Mbok Randha Dadapan banjur nggolek pakan iwak, supaya iwake pada teka lan gampang
dijupuk nganggo jala.)

Mbok Randha : “Coba tak kei pakan supaya iwake pada nyerak. Aduh-aduh kok ora ana sing
nyerak, nanging jalaku abot, apa ya iki…?

(Nanging dheweke malah nemokake keong kang warnane emas sing nyangkut ing jalane.
Keong mas banjur digawa bali karo mbok Randha Dadapan.)
Mbok Randha : “Weh…lah, keong mas apik banget warnane beda karo liyane. Tak gawa
mulih wae diingu.”

Tetangga 1 : “welaah dalaa.... apa tho kuwi mbok ,kok sae sanget keongipun.”

Tetangga 2 : “kados pundi tho rupinipun ?”

Mbok Randha : “iki mau aku jala nggolek iwak menyang kali nanging aku nemoake keong
kag warnane emas, wes yha aku tak balih muleh disek.”

(Sakwise tekan ngomah, keong mau banjur disimpen ana genthong. Dina sesuke, mbok
Randha ngenteni iwak njedhul, nanging wis dienteni suwe iwake ora njedhul-njedhul.)

Mbok Randha : “Endi iwake, awet wingi kok ora njedhul-njedhul apa lagi musim jagongan
ya, iwake pada njagong, yo wis lah mulih wae.”

( awit mbok rondho ing tengah perjalanan Dewi Kirana berubah dadi manungso)

Dewi Kirana : “saknone mbok randha ,dheweke wis ngramut aku ,aku bakal masak kanggo
mbok randha.”

(Mbok Randha Dadapan banjur bali menyang ngomah.Saktekane ing ngomah Mbok Randha
Dadapan kaget amarga neng meja pawone wis ana panganan kang enak-enak dheweke kaget
banget.)

Mbok Randha : “We ladalah, saka ngendi tekane panganan iki, sapa sing ngeteri ya?”

(Mbok Randha ngubengi omahe, ora ana wong siji-sijio dheweke tambah bingung mikir asale
panganan kuwi. Mbok Randha Dadapan banjur nduwe cara supaya ngerti sapa sing menehi
panganan kanggo dheweke.)

Mbok Randha : “sapa sing menehi panganan iki , lah....aku due cara supaya ngerti sapa sing
menehi panganan iki,aku bakal ethok-othok neng kali, nanging aku menyang mburi wae.”

(Sesuke Mbok Randha ethok-ethoke lunggo neng kali. Mbok Randha Dadapan kaget amarga
keong mas sing neng genthong ngerti-ngerti dadi perawan ayu. Perawan mau banjur masak
lan nyepakake panganan neng meja. Mbok Randha Dadapan banjur nemoni perawan mau.)

Mbok Randha : “Kowe sapa cah ayu? Kok iso keong alih dadi perawan ayu? Saka ngendi
asalmu?”

Candra Kirana : “Kula putri Candra Kirana saking Kraton Daha ingkang disihir dados keong
mas dening mbah dukun ingkang kautus dening sedherek kula.”

(Sakwise njawab pitakonan saka Mbok Randha Dadapan, Candra Kirana banjur malih maneh
dadi keong mas. Mbok Randha Dadapan semaput amrga kaget banget karo kedadean sing
dialami lagi wae.

(Raden Inu Kertapati ngerti menawi Candra Kirana ilang. Dheweke banjur madosi Candra
Kirana kanthi nembo-nembo dadi wong cilik.)
R.Inu Kertapati : “Waduh Candra Kirana ana ngendi ki? Hem…cah ayu ndang balio,
kakang kangen karo kowe. Wah aku kudu goleki dheweke, nanging piye carane ya ?
Aha…aku membo-membo dadi rakyat wae.”

(Nanging Mbah Dukun krungu menawi Raden Inu Kertapati arep ngoleki Candra Kirana.
Dheweke banjur nembo-nembo dadi manuk gagak lan niat nyelakakake Raden Inu Kertapati.)

Mbah Dukun : “Ihihihih…aku bakal nyelakakake kowe Raden Inu Kertapati.”

(Nalika ana ing tengah ndalan, Raden Inu Kertapati arep goleki Candra Kirana dheweke
banjur nembo-nembo dadi manuk gagak lan niat nyelakakake Raden Inu Kertapati.)

Mbah Dukun : “Raden, panjenengane badhe tindak pundi?”

R.Inu Kertapati : “Aku arep nggoleki Candra Kirana ana apa kowe kok ngalangi lakuku.”

Mbah Dukun : “Ngapunten Raden, kula badhe nyaosi pirsa bilih Candra Kirana wonten ing
tengah alas.”

R.Inu Kertapati : “Apa bener?”

Mbah Dukun : “Inggih Raden!”

R.Inu Kertapati : “Tak cekel omonganmu!”

(Nalika ana ing tengah alas, Raden Inu Kertapati boten nemokake Candra Kirana. Dheweke
ketemu pengemis, pengemis iku kandha yen Candra Kirana ing pinggir alas cedak kali, Desa
Dadapan.)

R.Inu Kertapati : “Candra Kirana… kowe ana ngendi cah ayu? Aku Raden Inu Kertapati!”

Pengemis : “Raden paring-paring…”

R.Inu Kertapati : “Niki kula wonten satunggal ewu rupiah.”

Pengemis : “Nuwu Raden, ngapunten panjenengan madosi Candra Kirana?”

R.Inu Kertapati : “Inggih Mbah, jenengan ngeros saking pundi? Turune manuk gagak
Candra Kirana wonten ing tengah alas mriki.”

Pengemis : “Manuk gagak niku badhe nyelakakake panjenengan, sejatine Candra


Kirana ing laladan Dadapan.”

R,Inu Kertapati : “Matur nuwun mbah, kula badhe nglajengaken lampah.”

Pegemis : “Sami-sami.”

(Ing wektu iku, Mbah Dukun lan Pengemis adu kekuatan)

Mbah Dukun : ”Woi ngopo kowe nyampuri urusanku? Apa kowe wani karo aku?”
Pengemis : “Anggonku ngalahke kowe iku gampang rasakna penthungku iki!”

Mbah Dukun : “Waduh…!”

Pengemis : “Kalah tho!”

(Wonten ing dadapan Raden Inu Kertapati mampir ing salah sawijining gubuk arep mampir
ngombe.)

R.Inu Kertapati : “Wah ngelak ki aku. Mampir neng gubuk iku sek wae lah. Kulo
nuwun…!”

Lare Tetangga 1 : “Mangga wonten perlu napa?”

R.Inu Kertapati : “Napa angsal kula nyuwun sekedik toya damel ngunjuk ?”

Lare Tetangga 1 : “Inggih, njenengan lenggah rumiyin.”

(Wonten medal menika ibunipun manggihi R.Inu Kertapati)

Tetangga : “panjenengan asalipun saking pundi tho ?”

R.Inu Kertapati : “kula madosi tunangan kula ingkang sampun ical saking krajaan.”

Tetangga : “sinten naminipun ?”

R.Inu Kertapati : “ Naminipun Dewi Candra Kirana.”

Lare Tetangga : “ sumonggo toyaipun diunjuk.”

R.Inu Kertapati : “ inggih, matur nuwun bu , kula badhe nerusaken perjalanan.”

R.Inu Kertapati : “Nistha temen kelakuane Dukun kuwi, sakiki dening aku wis nemukake
awakmu ayo balek nang krajaan karo aku.”

Candra Kirana : “Sembah nuwun Raden.”

Raden Inu Kertapati lan Candra Kirana lajeng ngadakake pesta kangge gelar syukuran dening
baleke Candra Kirana menyang krajaan maneh. Senajan tho Candra kirana boten nesu kaliyan
Dewi Galuh nanging nasibe Dewi Galuh yaiku sedereke Candra Kirana, tetep dimudhunke
tingkatane amarga tumindhake sing nistha banjur ora dadi dewi maneh nanging dadi rakyat
biasa ing Desa Dadapan.

Dewi Galuh : “

Potrebbero piacerti anche