Sei sulla pagina 1di 4

KEONG MAS

Nuju sawijining dinten Raden Inu Kertapati lan Candra kirana wonten ing krajaan ngwontenake
parepatan kangge ngrembag babagan nikahane Raden Inu Kertapati kaliyan Candra Kirana.
Ananging Dewi Galuh sedereke Candra Kirana ora seneng yen Raden Inu kaliyan Candra Kirana
nikahan banjur dheweke lungga saka krajaan kanggo nemoni Mbah Dukun.

Dewi galuh : Aku pengen adhiku dadi apa wae sing paling nggilani. Cepet saiki!

Mbah dukun : Ngapunten sakderenge putri, nanging wonten punapa saengga kula kedah
ngutuk Candra Kirana?

Dewi Galuh : Candra Kirana wes ngrebut Raden Inu Kertapati saka aku, aku ora pengen ngerti
Candra kirana dadi bjone Raden Inu Kertapati.

Mbah Dukun : Inggih.

(Ing sawijining dina, ana wong tuwa utawa rondo tuwo sing diarani mbok randha dadapan sing
lagi golek iwak nganggo jala ing kali.)

Mbok Randha : Rasa-rasane dina iki aku pengin mangan iwak. Ah coba tak golek iwak
nang kali nganggo jala, mesthi luwih cepet entuk katimbang nganggo pancing.

(Saktekane ing kali)

Mbok Randha : kira-kira sing akeh iwake ngendi ya?

(Mbok Randha Dadapan banjur nggolek pakan iwak, supaya iwake pada teka lan gampang
dijupuk nggo jala. Nanging dheweke malah nemokake keong kang warnane emas sing nyangkut
ing jalane. Keong mas banjur digawa bali karo mbok Randha Dadapan.)

Mbok Randha : Coba tak kei pakan supaya iwake pada nyerak. Aduh-aduh kok ora ana sing
nyerak, nanging jalaku abot, apa ya iki? Wehlah, keong mas apik bangetwarnane beda karo
liyane. Tak gawa mulih wae diingu.

(Sakwise tekan ngomah, keong mau banjur disimpen ana genthong. Dina sesuke, mbok Randha
nunggu-nunggu iwak njedhul, nanging wis dienteni suwe iwake ora njedhul-njedhul. Mbok
Randha Dadapan banjur bali menyang ngomah.)

Mbok Randha : Endi iwake, awet wingi kok ora njedhul-njedhul apa lagi musim jagongan ya,
iwake pada njagong, yo wis lah mulih wae.

(Saktekane ing ngomah Mbok Randha Dadapan kaget amarga neng meja pawone wis ana
panganan kang enak-enak dheweke kaget banget.)

Mbok Randha : We ladalah, saka ngendi tekane panganan iki, sapa sing ngeteri ya?
(Mbok Randha ngubengi omahe, ora ana wong siji-sijio dheweke tambah bingung mikir asale
panganan kuwi. Mbok Randha Dadapan banjur nduwe cara supaya ngerti sapa sing menehi
panganan kanggo dheweke.

Sesuke Mbok Randha ethok-ethoke lunggo neng kali, padahal dheweke menyang mburi omah
pengin ngerti asale panganan akeh kuwi. Mbok Randha Dadapan kaget amarga keong mas sing
neng genthong ngerti-ngerti dadi perawan ayu. Perawan mau banjur masak lan nyepakake
panganan neng meja. Mbok Randha Dadapan banjur nemoni perawan mau.)

Mbok Randha : Kowe sapa cah ayu? Kok iso keong alih dadi perawan ayu? Saka ngendi
asalmu?

Candra Kirana : Kula putri Candra Kirana saking Kraton Daha ingkang disihir dados keong
mas dening mbah dukun ingkang kautus dening sedherek kula.

(Sakwise njawab pitakonan saka Mbok Randha Dadapan, Candra Kirana banjur malih maneh
dadi keong mas. Mbok Randha Dadapan semaput amrga kaget banget karo kedadean sing
dialami lagi wae.

Raden Inu Kertapati ngerti menawi Candra Kirana ilang. Dheweke banjur madosi Candra Kirana
kanthi nembo-nembo dadi wong cilik.)

R.Inu Kertapati : Waduh Candra Kirana ana ngendi ki? Hemcah ayu ndang balio, kakang
kangen karo kowe. Wah aku kudu goleki dheweke, nanging piye carane ya? Ahaaku membo-
membo dadi rakyat wae.

(Nanging Mbah Dukun krungu menawi Raden Inu Kertapati arep ngoleki Candra Kirana.
Dheweke banjur nembo-nembo dadi manuk gagak lan niat nyelakakake Raden Inu Kertapati.)

Mbah Dukun : Ihihihihaku bakal nyelakakake kowe Raden Inu Kertapati.

(Nalika ana ing tenah ndalan, Raden Inu Kertapati arep goleki Candra Kirana dheweke banjur
nembo-nembo dadi manuk gagak lan niat nyelakakake Raden Inu Kertapati.)

Mbah Dukun : Raden, panjenengane badhe tindak pundi?

R.Inu Kertapati : Aku arep nggoleki Candra Kirana ana apa kowe kok ngalangi lakuku.

Mbah Dukun : Ngapunten Raden, kula badhe nyaosi pirsa bilih Candra Kirana eonten ing
tengah alas.

R.Inu Kertapati : Apa bener?

Mbah Dukun : Inggih Raden!

R.Inu Kertapati : Tak cekel omonganmu!


(Nalika ana ing tengah alas, Raden Inu Kertapati boten nemokake Candra Kirana. Dheweke
ketemu pengemis, pengemis iku kandha yen Candra Kirana ing pinggir alas cedak kali, Desa
Dadapan.)

R.Inu Kertapati : Candra Kirana kowe ana ngendi cah ayu? Aku Raden Inu Kertapati!

Pengemis : Raden paring-paring

R.Inu Kertapati : Niki kula wonten satunggal ewu rupiah.

Pengemis : Nuwu Raden, ngapunten panjenengan madosi Candra Kirana?

R.Inu Kertapati : Inggih Mbah, jenengan ngeros saking pundi? Turune manuk gagak Candra
Kirana wonten ing tengah alas mriki.

Pengemis : Manuk gagak niku badhe nyelakakake panjenengan, sejatine Candra Kirana
ing laladan Dadapan.

R,Inu Kertapati : Matur nuwun mbah, kula badhe nglajengaken lampah.

Pegemis : Sami-sami.

(Ing wektu iku, Mbah Dukun lan Pengemis adu kekuatan)

Mbah Dukun : Woi ngopo kowe nyampuri urusanku? Apa kowe wani karo aku?

Pengemis : Anggomku ngalahke kowe iku gampang rasakna penthungku iki!

Mbah Dukun : Waduh!

Pengemis : Kalah tho!

(Wonten ing dadapan Raden Inu Kertapati mampir ing salah sawijining gubuk arep mampir
ngombe. Dheweke weruh Candra Kirana ing njero gubuk kuwi.)

R.Inu Kertapati : Wah ngelak ki aku. Mampir neng gubuk iku sek wae lah. Kulo nuwun!

Candra Kirana : Mangga wonten perlu napa?

R.Inu Kertapati : Candra Kirana alhamdulilah akhire aku nemokake kowe.

Candra Kirana : Inggih, kula Raden.

R.Inu Kertapati : Aku nggoleki awakmu nganti ngendi-ngendi cah ayu, kepriye critane
awkamu iso tekan kene?
Candra Kirana : Niku Raden kula dipun kutuk dadi keong mas dening Mbah Dukun lajeng
kula diopeni kaliyan Mbok Randha Dadapan wonten mriki.

R.Inu Kertapati : Nistha temen kelakuane Dukun kuwi, sakiki dening aku wis nemukake
awakmu ayo balek nang krajaan karo aku.

Candra Kirana : Sembah nuwun Raden.

Raden Inu Kertapati lan Candra Kirana lajeng ngadakake pesta kangge gelar syukuran dening
baleke Candra Kirana menyang krajaan maneh. Senajan tho Candra kirana boten nesu kaliyan
Dewi Galuh nanging nasibe Dewi Galuh yaiku sedereke Candra Kirana, tetep dimudhunke
tingkatane amarga tumindhake sing nistha banjur ora dadi dewi maneh nanging dadi rakyat
biasa ing Desa Dadapan.

Potrebbero piacerti anche